Kalung

Kalung ya iku wanguné rerenggan kang duwé mupangat kanggo pepaès (acecoris) kang dianggo ana ing gulu kang wujudé manéka warna.[1] Jinis lan wujud kalung ing jaman saiki wujud jinis dideleng sak mupangaté kanggo celengan (investasi) utawa kanggo rerenggan (rerenggan).Semono uga kalung bisa digolongaké saka bahan dhasaré kaya ta:

kalung berlian
kalung imitasi ing pasar mesir

Kalung rerenggan (rerenggan) (rerenggan kanthi bahan dhasar:

Kalung lumrahé dhapuré ranté lan kadang ditambah liontin kanggo méndhel.[1]

Mupangat

Kalung wis dianggo wiwit jaman biyén. Kalung dianggo wong lanang uga wong wadon.[2] Kalung uga kena kanggo tanda kabudayan.[2] Kalung uga kena kanggo mbédakaké budaya siji lan sijiné.[2] Ana uga kabudayan kang ndadékaké kalung dadi tanda kelas sosial kang nganggo kalung iku.[2]

Kalung uga bisa dadi idéntitas wong kang nganggo.[2] Kalung iki kaya ta kalung kang dienggo karo bala Amérikah Sarékat.[2] Kalung iki uga diarani dog tags.[2] Idéntitas kang dituliské ing kalung ya iku jeneng, kalungguhan, resimén utawa korps kang nganggo kalung.[2]

Kasehatan

Kalung kaséhatan uga diarani kalung biofir ion.[3] Kalung iki digawé saka watu kang duwé magnét kang bisa nglancaraké peredaran darah.[3] Kalung kaséhatan, carané nganggo uga padha karo kalung-kalung biyasa.[3] Saiki kalung kaséhatan uga wis duwé motif lan variasi warna kang akèh.[3] Kalung kasehatan bisa nambani lelara lan ncegah stroke, blegudreg utawa hiperténsi.[3] Kalung biosfér bisa ngamanaké organ-organ vital ing awak.[3]

Pranala njaba

Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Kalung ing KamusWiki.

Cathetan suku