Klan Taira

Taira (?) ya iku salah siji jeneng kulawarga saka Jepang.[1] Ana ing konteks sajarah Jepang, klan Taira (平氏 Heishi?) utawa Heike (平家? kulawarga Taira) ya iku sebutan kanggo anggota kulawarga kaisar ing jaman Heian kang ora duwé hak saka tahtane.[1] Dhèwèké dadi warga biyasa lan olèh jeneng kulawarga Taira no Ason (Ason ya iku salah siji gelar ana ing sistem Yakusa no Kabane).[1]Aksara kanji kanggo "Taira" bisa diwaca dadi Hei, ewa déné shi tegesé klan, lan tegesé kulawarga.[1] Klan Taira misuwur karo sebutan Heike (kulawarga Taira), amarga Pamaréntah klan Taira didirikake déning sakulawarga Taira no Kiyomori.[1] Sawalike, klan Minamoto (Genji) kasusun saka akèh kulawarga lan percabangan klan, kang ndadèkaké ora minangka istilah "Genke" (kulawarga Minamoto).[1]Padha karo jeneng kulawarga Minamoto (Genji), Taira uga jeneng kulawarga kang diwènèhake kaisar kanggo para puteri lan pangeran dudu putra makutha kang wis didunke statuse dadi warga biyasa.[2] Saliyané iku, jeneng kulawarga Taira sok diwènèhake kanggo putu kaisar lan keturunan sabanjuré, kang ndadèkaké ana ing jaman Heian status jeneng kulawarga Taira dianggep lewih cendhek saka kulawarga Minamoto.[2]Klan Taira duwé 4 percabangan utama[2]:

  • Taira Kammu (Kammu Heishi) saka garis keturunan Kaisar Kammu.[2]
  • Taira Nimmyō (Nimmyō Heishi) saka garis keturunan Kaisar Nimmyō.[2]
  • Taira Montoku (Montoku Heishi) saka garis keturunan Kaisar Montoku.[2]
  • Taira Kōkō (Kōkō Heishi) saka garis keturunan Kaisar Kōkō.[2]
Lambang kulawarga (kamon) klan Taira kang karan Ageha-chō (Papilionidae)

Cathetan suku