Lee Kwang-soo

paraga lanang saka Koréa Kidul

Cithakan:Nama orang Korea

Lee Kwang Soo
이광수
Lair (1985-07-14) 14 Juli 1985 (umur 38)
Korea Kidul
WiyataDong-ah Institute of Media and Arts (Broadcasting)
PakaryanAktor, entertainer, model
AgènKing Kong Entertainment[1]
Jeneng Koréa
Hangul
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaI Gwang-su
McCune–ReischauerI Kwang-su

Lee Kwang-soo (Hangul이광수, lair 14 Juli 1985; umur 38 taun[2]) inggih menika satunggaling aktor, juru lipur, lan modhèl asal saking Korea Kidul.

Piyambakipun menika kondhang mliginipun peranipun minangka anggota wonten ing satunggaling adicara varietas Korea Kidul produksi saking SBS, Running Manwiwit saking tahun 2010 sareng kaliyan Yoo Jae-suk, Ji Suk-jin, Haha, Kim Jong-kook lan Song Ji-hyo.

Karièr

Lee Kwang-soo menika miwiti kariripun ing taun 2007 minangka model. Piyambakipun menika miwiti debut minangka artis ing taun 2008 kanthi gadhah peran wonten ing satunggaling sitkom Here He Comes, ingkang dipunlajengaken kaliyan drama High Kick Through The Roof.[3]

Lee Kwang-soo menika pikantuk kathah popularitas sasampunipun gabung kaliyan adicara varietas kondhang SBS Good Sunday inggih menika Running Man, lajeng pikantuk jejuluk "Prince of Asia" amargi kathahipun fans ing luar negeri.[4][5] Ing tahun 2010 lan 2011, Lee Kwang-soo kanthi urutan menang awit penghargaan SBS Entertainment Awards minangka "New Star Award" lan "Best Newcomer in Variety".[6]

Ing tahun 2012, Lee Kwang-soo menika dados bintang filem kumedhi romantis Korea Kidul Wonderful Radio lan All About My Wife, sarta thriller The Scent. lajeng ing taun ingkang sami, piyambakipun menika kepanggih setunggal layar kaliyan mantan anggota Running Man lan kancanipun inggih menika Song Joong-ki wonten ing TV melodrama The Innocent Man.[7][8]

Ing tahun 2013, saksampunipun dados peran tambahan wonten A Wonderful Moment, Lee Kwang-soo menika ngisi swara karakter Marco wonten ing filem animasi Maritime Police Marco, adu peran kaliyan anggota Running Man Song Ji-hyo ingkang ngisi swara Lulu.[9][10]

Lee Kwang-soo kanthi tinarbuka ngandharaken bilih piyambakipun menika kepèngin pikantuk peran antagonis wonten TV utawi filem, lan gegayuhan menika saged kalaksanan nalika piyambakipun menika pikantuk paraga dados Pangeran Imhae (sedherek jaler watak ala dhumateng Raja Gwanghae) ing drama tahun 2013 Goddess of Fire.[11][12]

jmpl|kiri|Lee Kwang-soo wonten ing salah satunggaling iklan, 2013

Ing tanggal 17 Agustus 2013, Lee Kwang-soo ngawontenaken pepanggihan kaliyan fans ingkang sepisan wonten ing kariripun ing Singapura. Ingkang rawuh menika wonten 2,000 penggemar, pérangan kasebat dipunwastani sukses.[13] Piyambakipun ugi ngawontenaken pepanggihan kaliyan fansipun malih ing Malaysia nalika tanggal 4 Januari 2014, ingkang rawuh menika kirang langkung wonten 3,000 fans.[14]

Nalika tahun 2014, Lee Kwang-soo menika dados paraga utama ing layar lebar wonten ing filem Confession. filem neo-noir ingkang nyariosaken tiga sahabat ingkang dipunparagakaken déning Ji Sung, Ju Ji-hoon lan Lee Kwang-soo ingkang kekancanipun rusak amargi wonten kasus pembunuhan.[15][16][17][18][19][20] Lee Kwang-soo lajeng medal malih wonten ing tv kanthi kumedhi romantis It's Okay, That's Love, gadhah peran minangka pasien ingkang gerah sindrom Tourette, kelainan neurologis ingkang dipuntandhani kanthi obahan stereotip, obahan lan vokal ingkang boten sengaja, ingkang dipunsebat tics.[21] Lee Kwang-soo lan Hwang Chansung (sakingboyband 2PM) lajeng dados paraga wonten ing filem A Dynamite Family, ingkang nyariosaken bab padudon gangsal sedherek ingkang mapan wonten ing desa Deoksu.[22]

[[Berkas:Running Man Fan Meeting Asia Tour 2014 Season 2.jpg|jmpl|Lee Kwang-soo ing Malaysia ing adicara Running Man Fan Meeting Asian Tour 2014]]

Ing tahun 2015, Lee Kwang-soo menika pikantuk peran protagonis wonten ing Collective Invention, ingkang kondisinipun dipunsebabaken déning efek samping saking obat ingkang nembe dipuntepangaken.[23] Collective Invention menika dipunputer ing bagian Vanguard saking Festival Filem Internasional Toronto 2015, minangka tandha karpet abang sepisan Lee Kwang-soo ing satunggaling festival filem internasional. Piyambakipun ugi dados peran wonten ing drama kalih episode Puck!, ing mriku piyambakipun menika gadhah peran dados rentenir ingkang gabung kaliyan klub hoki es kampus. Satunggaling peran kasebat dipunsiaraken ing 1 Januari 2016.[24] Lee Kwang-soo ugi medal wonten ing cameo épisode sepisan serial hit KBS, Descendants of the Sun ingkang dipunparagakaken déning kancanipun, Song Joong-ki.

Ing tahun 2016, Lee Kwang-soo gadhah peran wonten ing tvN Entourage, satunggaling remake Korea Kidul saking seri Amerikanipun. Lee Kwang-soo menika lajeng dados paraga wonten ing sitkom KBS The Sound of Your Heart, dhedhasar webtoon The Sound of Your Heart. Drama web kasebat sukses wonten ing Korea Kidul lan Tiongkok, pikantuk 100 yuta pamirsa ing Sohu TV lan mapan ing peringkat 1 ing antawisipun drama Korea ing situs kasebat.[25]

Ing tahun 2017, Lee Kwang-soo dipunkonfirmasi kanggé dados paraga énggal wonten ing filem aksi kumedhi The Accidental Detective 2, satunggaling sekuel saking hit tahun 2015 The Accidental Detective. filem menika dipunjadwalaken badhé dipunbabar ing taun 2018.[26] Lee Kwang-soo ugi kepanggih malih kaliyan panyerat It's Okay, That's Love Noh Hee-kyung wonten ing drama énggalipun Live.[27]

filemografi

filem

TahunJudulPeranCatatan
2011Battlefield HeroesMoon Di
2012
Wonderful RadioCha Dae-geun
The ScentGi-poong
All About My WifePD Choi
2013
A Wonderful MomentKim Jung Il[28]
Maritime Police MarcoMarco[29][30]
Walking with Dinosaurs 3DPatchi[31][32]
2014
ConfessionMin Soo[33]
A Dynamite FamilyConstable Park[34]
2015Collective InventionPark Goo[35]
2018
The Accidental Detective 2Yeo Chi[36]

TV Drama

TaunIrah-IrahanJaringanLakonCathetanRef
2008The Scale of ProvidenceSBSOh Kwang Chul
Here He ComesMBCOh Man Soo
2009High Kick Through The RoofLee Kwang Soo
2010Dong YiPark Young Dal[37]
2011City HunterSBSGo Ki Joon
Bachelor's Vegetable StoreChannel ANam Yoo Bong[38]
2012The Innocent ManKBS2Park Jae Gil[39]
2013
Dating Agency: CyranotvNChoi Dal InCameo

(Episode 6-8)

[40]
Goddess of FireMBCPrince Im Hae[41]
Potato Star 2013QR3tvNCinta pertama Bo YoungCameo

(Episode 18)

[42]
2014
Secret LoveDramacubeLee Tae Yang(Ep.7-8: "A Seven Day Summer")
It's Ok, That's LoveSBSPark Soo Kwang
2015
The Girl Who Sees SmellsDiri sendiriCameo

(Episode 1)

2016
Puck!Jo Joon Man[43]
Descendants of the SunKBS2Pekerja toko senapan mainanCameo

(Episode 1)

[44]
Dear My FriendstvNYoo Min HoCameo[45]
EntourageCha Joon[46]
2016-2017
The Sound of Your HeartKBS2Jo Suk[47]
Hwarang: The Poet Warrior YouthMak MoonCameo

(Episode 1 dan 2)

[48]
2017
The Best HitYoon KiCameo

(Episode 2)

[49]
2018
LivetvNYeom Sang Soo[50]

Acara varietas

TaunIrah-IrahanJaringanLakonCathetanRef
2009Introducing a Star's FriendMBCBintang tamuEpisode 56 dan 57
Star Golden BellKBS2Episode 230
2010Come to PlayMBCEpisode 286
Strong HeartSBSEpisode 25 dan 26
2010–sekarangRunning ManMemberEpisode 1 – samenika
2011Happy Together 3KBS2Bintang tamuEpisode 229
2012Yoon Do-hyun's MUSTMnetEpisode 54
2013Gag ConcertKBS2Episode 681
2014TaxitvNEpisode
Magic EyeSBSEpisode 1[51]
Hurry Up, Brother Season 1Zhejiang TVEpisode 5

(dengan Running Man)

2015Perhaps LoveHubei TelevisionMemberSeason 2

(dengan Lynn Hung)

[52]
Yaman TVMnetBintang tamuEpisode 1
InkigayoSBSMC spesial[53]
Healing CampPenampilan khususEpisode 195
The Amazing Race (China)Shenzhen TVBintang tamu khususSeason 2

(dengan Kim Jong Kook)

[54]
2016We Kid (WE kang like a KID)Mnet, tvNBintang tamuEpisode 1 -5
Hurry Up, Brother Season 4Zhejiang TVEpisode 44

(dengan Running Man)

2017Big PictureNaverMember
2018The Culprit is YouNetflix

Penampilan video musik

TaunIrah-IrahanArtis
2011"격산타우 (Kyuksantawoo)"LeeSsang
2012"Oh Fresh Men" (The Bachelor's Vegetable Store OST)VF6DOLE (Ji Chang Wook, Kim Young Kwang, Lee Kwang Soo, Shin Won Ho lan Sung Ha)
"Busan Vacance"Skull lan HaHa
"Fanta CF"Baek Jin-hee dan Kang Seung-yoon (WINNER)
2013"Fanta Idol Season 1"Jung Eun Ji lan Niel (Teen Top)
"Fanta Idol Season 2"Niel (Teen Top) lan Jung Eun-ji
"You Are the Best" TeaserByul
"Runaway"KARA
2015"Again"Turbo
"My Daddy"Psy
2016"MOMOMO"Cosmic Girls

Endorsemen

TaunIklanCathetan
2008Condition Power
Happy Point Card
KTF SHOW Year-Old College Students
2009Anycall Haptic Beam
2010Aronamin Plus
Fudo Seafood Ramen
LG Cyon
2011ZUMbersama Park Bo Young
2011 - 2012Outback Steakhouse
2012Pepero
Samsung Electronics Galaxy Rbersama Kim Jong Kook lan Gary
2012 - 2013Fanta
2013Convenience Store Courier (GS Courier)
LG U+
Mambo
SK Energy Enclean
2014Oxfordmerek mainan
2014 - 2015Pizza Hut
2015dal.komm Coffee
FrutipsIklan Hongkong

(bersama Lu Feng)

Game Of Dicesareng Running Man
Heroes Charge,
K-FOOD
LINE MileageIklan Malaysia
Ocean World CFsareng Nana
Oh PotatoIklan Tiongkok
Toyota Rav4 Hybrid
Winix
2015-2016Binggrae Banana MilkIklan Tiongkok lan Taiwan
Claire's Korea
2016Samsung Galaxy S7
Ya! Tudousareng Kim Jong Kook
2017Dunkin' Donuts
K-FOOD
Orion Choco PieIklan Vietnam
Shilla Duty Free

Pangaji lan nominasi

TahunPangajiKategoriKarya ingkang dados nominasiHasilRef.
2008
2nd Mnet 20's Choice Awards
Hot CF StarN/AMenang
8th MBC Entertainment Awards
Best Newcomer in Comedy / SitcomHere He ComesNominasi
2009
4th Asia Model Festival Awards
CF Model AwardN/AMenang
2010
4th SBS Entertainment Awards
New Star AwardRunning ManMenang
2011
5th SBS Entertainment Awards
Best Newcomer in VarietyMenang[6]
2012
48th Baeksang Arts Awards
Best New ActorWonderful RadioNominasi
33rd Blue Dragon filem Awards
All About My WifeNominasi
26th KBS Drama Awards
Best Supporting ActorThe Innocent ManNominasi
2013
7th SBS Entertainment Awards
Friendship AwardRunning ManMenang
Viewer's Choice: Most Popular StarMenang
2014
7th Korea Drama Awards
Excellence Award, ActorIt's Okay, That's LoveMenang[55]
3rd APAN Star Awards
Popular Star Award, ActorMenang
8th SBS Entertainment Awards
Excellence Award in VarietyRunning ManMenang
22nd SBS Drama Awards
Special Award, Actor in a MiniseriesIt's Okay, That's LoveMenang
2015
Hong Kong’s YouTube Ads Leaderboard
2015 Season One Best Commercial Award
Nestle’s Fruitips Ad
Menang[56]
Fashionista Awards
Best Male FashionistaN/AMenang[57]
2016
Sina Weibo Night Awards
Asia Popularity AwardN/AMenang[58]
Jumei Awards Ceremony
Variety InfluenceN/AMenang
4th Annual DramaFever Awards
Best Bromance bersama Kim Jong KookRunning ManMenang
7th Korean Popular Culture & Arts Awards
Prime Minister AwardN/AMenang[59]
15th KBS Entertainment Awards
Best Couple bersama Jung So-minThe Sound of Your HeartMenang
10th SBS Entertainment Awards
Top Excellence Award in Variety ShowRunning ManMenang[60]
Annoying Guy AwardMenang
2017
11th SBS Entertainment Awards
Best Couple Award bersama Jeon So MinMenang[61]
6th Korea filem Actors Association Awards
Top Entertainer AwardN/AMenang[62][63]

Rujukan

Pranala njawi