Maglev

sepur sembrani

MagLev iku tembung cekakan saka Magnètically LEVitated trains sing tegesé sepur sing ngambang kanthi magnètis. Kerep uga karan sepur magnèt.Kaya kacetha ing jenengé, prinsip sepur iki ya iku manfaataké gaya angkat magnètik ing rèlé saéngga kaangkat sethithik mendhuwur, banjur gaya surung diasilaké déning motor indhuksi. Sepur iki bisa lumayu kanthi kacepetan nganti 650 km/jam (404 mpj) luwih rikat tinimbang sepur biyasa. Sawetara nagara sing wis migunakaké sepur jinis iki ya iku Jepang, Prancis, Amérika, lan Jerman.

JR-Maglev
Sepur Maglev ing Jerman

Tèknologi

Ana telung jinis tèknologi maglev:

  • Sing gumantung marang magnèt superkonduktivitas (suspensi elektrodinamik)
  • Sing gumantung marang elektromagnètik kakontrol (suspensi elektromagnètik)
  • Sing paling anyar manawa luwih ékonomis, migunakaké magnèt permanèn (Inductrack)

Uga delengen

  • Pangambangan magnètis
  • Sepur rikat

Pranala njaba