Marco Asensio

Marco Asensio Willemsen (born 21 January 1996) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional Spanyol minangka gelandhang serang ingkang samenika main ing klub Real Madrid lan Tim Nasional Bal-balan Spanyol.[2]

Marco Asensio
Marco Asensio wekdal main ing real Madrid taun 2018
Katerangan priangga
Jeneng dawaMarco Asensio Willemsen[1]
Tanggal lair (1996-01-21) 21 Januari 1996 (umur 28)[1]
Papan lairPalma, Spain
Dhuwur1.80 m (5 ft 11 in)[1]
Posisi mainAttacking midfielder / Winger
Katerangan klub
Tim saiki
Real Madrid
Angka20
Karir nom
2003–2006Platges de Calvià
2006–2013Mallorca
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2013–2014Mallorca B14(3)
2013–2014Mallorca37(4)
2014–Real Madrid172(29)
2014–2015→ Mallorca (silihan)19(3)
2015–2016→ Espanyol (silihan)34(4)
Tim nasional
2012Spanyol U162(0)
2014–2015Spanyol U1912(8)
2015–2017Spanyol U2118(7)
2016–saikiSpanyol35(2)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 21:57, 22 Januari 2023 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 20:11, 6 Dhésèmber 2022 (UTC)

Lair ing Palma, Majorca, Kapuloan Balearic saking ibu trah Walanda lan bapak Spanyol,[3]Asensio gabung kaliyan klub RCD Mallorca ing taun 2006 saking klub CF Platges de Calvià.[4] Ibunipun ingkang asma Maria Willemsen, tilar donya amargi gerah kangker wekdal Asensio umur 15 taun.[4]

Karir klub

Mallorca

Sasampunipun nimba ilmu ing Real Madrid lan FC Barcelona, ​ Asensio miwiti debut senior ing klub Mallorca mangsa 2013-14 ing liga Tercera División.[5] Sanajan taksih junior ing tim; tanggal 27 Oktober 2013 Asensio main kanthi saé kanggé tim utama Mallorca, main enem menit terakhir wekdal kalah 1-3 mengsah Recreativo de Huelva kanggé kejuwaraan Segunda División.[6]

Rujukan

Pranala njawi