Monster Spagèti Mabur

Monster Spagèti Mabur (cara Inggris: Flying Spaghetti Monster, dicekak FSM) iku bathara ing Gréja Monster Spagèti Mabur utawa Pastafarianisme (tembung koper saka tembung pasta lan Rastafari) minangka obahan sosial sing ngangkat cara pandeleng agama sing lalaluya lan mbantah wulangan rancangan dyaksa sarta kréasionisme ing pamulangan-pamulangan nagara. Miturut para nggiluté, Pastafarianisme iku "agama sing tenan lan resmi, kaya agama liyané."[5] Pastafarianisme iku agama sing resmi diakoni ing nagara Walanda[6] lan Selandhia Anyar. Ing kana, para nggilut Pastafarianisme éntuk kawenangan mbara gawé wikrama. Acara wikrama kapisan sing diakoni resmi digelar ing wulan April 2016.[7][8][9] Ing Amérika, ing wulan sing padha, pangadilan fédheral ngetokaké aturan yèn "Gréja Monster Spagèti Mabur" iku dudu agama sing tenan.[10]

Didemok déning Hyang Èmbèl-Èmbèl, gambar parodhi saka lukisaning Michelangelo Ciptaning Adam, minangka gambar ikonik saka Monstèr Spagèti Mabur[1] karyané Arne Niklas Jansson.[2]
Drawing of the Flying Spaghetti Monster; crudely drawn with thick lines. Image shows a plain oval for the body, six noodles for the arms and two eye stalks.
Lambang "iwak" FSM, simboling Gréja Monster Spagèti Mabur, dicipta déning para maca sana jaringan Boing Boing.[3][4] Simbul iki parodi saka simbul Iktus ing agama Kristen.

Monster Spagèti Mabur kapisan katélakaké ing surat tinarbuka sing ditulis Bobby Henderson ing taun 2005 nedya mrotès putusaning Paheman Wiyata Praja Kansas sing ngidinaké wulangan rancangan dyaksa kanggo nggantèni wulangan bab évolusi ing kelas-kelas kawruh alam ing pamulangan-pamulangan nagara.[11] Sawisé Henderson mbabar suraté ing sana jaringané, Monster Spagèti Mabur nuli dadi fénoména Internèt lan simbul bantahan tumrap wulangan rancangan dyaksa ing pamulangan-pamulangan nagara.[12]

Awit kondhangé, Monster Spagèti Mabur asring diarani vèrsi kontèmporèr saka téko Russel, pratélan manawa sangganing bebuktèn filosofis satemené kadunung ing péhak-péhak sing nggawé pratélan sing ora kena disesalah (rumangsa paling bener), dudu ing péhak-péhak sing nentang pratélan iku. Pastafarianisme nampa pangalem saka paguyuban ngèlmiah lan panyacad saka para nyengkuyung rancangan dyaksa. Para nggilut Pastafari kaloka padha bengkrèhan karo para nggilut kréasionisme. Ing Polk County, Florida, para nggilut kréasionisme iki ngajaki paheman pamulangan lokal murih ora ngakoni aturan anyar bab wulangan évolusi.[13]

Ajaran Pastafari (minangka satir tumrap kréasionisme) kapratélakaké ing sana jaringané Handerson Church of the Flying Spaghetti Monster, ing kono dhèwèké ngaku "nabi", lan ing The Gospel of the Flying Spaghetti Monster, anggitané Henderson ing taun 2006. Piandel pokok ajarané ya iku manawa Monster Spagèti Mabur sing gaib mono sing nyipta jagad iki. Para bajag iku dianggep para nggilut Pastafari asli.[14] Henderson ngandharaké yèn sudaning para bajag wis taunan iki kasabab pamanasan global.[15] Paguyuban FSM nglumpuk ing sana jaringané Handerson saperlu andum kawruh bab Monster Spagèti Mabur lan nggawé karya sing nggambaraké Monster Spagèti Mabur, sarta ngrebug "weweruhan" Monster Spagèti Mabur.[5]

Pratélan tetembungan

Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa sing dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Inggris.

  1. andum kawruh - to share ideas
  2. bajag - pirates
  3. bantahan - opposition
  4. bathara - deity
  5. bengkrèhan - to engage in dispute
  6. kawruh alam - science
  7. lalaluya - light-hearted
  8. mbara gawé - to hold a feast
  9. obahan sosial - social movement
  10. paguyuban ngèlmiah - scientific community
  11. paheman wiyata - board of education
  12. pamulangan nagara - public school
  13. pandeleng - view
  14. pangalem - praise
  15. panyacad - criticism
  16. para nggilut - adherents
  17. para nyengkuyung - supporters
  18. piandel pokok - central belief
  19. rancangan dyaksa - intelligent design
  20. sana jaringan - website
  21. sangganing bebuktèn - burden of proof
  22. surat tinarbuka - open letter
  23. tembung koper - portmanteau word
  24. weweruhan - sighting
  25. wikrama - wedding ceremony
  26. wulangan - teaching

Cathetan sikil