Musiyum Victoria lan Albert

Musiyum Victoria lan Albert (disingkat V&A) minangka musiyum disain lan seni dékoratif paling gedhé ing donya kang nyimpen kolèksi luwih saka 2,3 yuta obyèk. Musiyum Victoria lan Albert mapan ing Kensington Kidul, London. Musiyum iki diadegaké taun 1852 kanggo ngurmati Ratu Victoria lan Pangéran Albert. Musiyum iki mapan ana ing lemah kang ambané 12,5 ékar (51000 m2). Musiyum Victoria lan Albert nyimpen kolèksi seni kang umuré wis 5000 taun, ana kolèksi saka jaman kuna tekan jaman saiki. Kolèksi-kolèksi seni kang disimpen ing Musiyum Victoria lan Albert, ya iku keramik, kaca, tèkstil, kostum, perak, wesi, prabot, patung, seni grafis, perhiasan, lan foto-foto kang dadi kolèksi paling penting ing donya. Musiyum iki uga duwé kolèksi saka jaman Pencerahan Italia.[2]

Musiyum Victoria lan Albert
Lawang utama kanggo lumebu ing Musiyum Victoria lan Albert
Lawang utama kanggo lumebu ing Musiyum Victoria lan Albert
Dikukuhaké1852
PernahCromwell Gardens, Kensington Kidul, London
Ukurané kolèksi4,6 yuta obyèk
Dhayoh2.269.880 (2009)[1]
  • Peringkat 7 nasional
DhirèkturMartin Roth
Situs jaringanwww.vam.ac.uk

Kolèksi

Kolèksi ing Musiyum Victoria lan Albert dibagi ing 4 departemèn, ya iku 1) Asia; 2) Furnitur, Tèkstil, lan Busana; 3) Patung, Kerajinan, Logam, Keramik, lan Kaca; lan 4) Tembung lan Gambar.[3]

Arsitèktur

Taun 2014, Musiyum Victoria lan Albert buka galéri permanèn ing Inggris bareng Royal Institute of British Architects (RIBA). Kolèksi kang disimpen ya iku sajarah arsitèktur kang awujud modèl, foto, lan èlemèn saka gambar asliné. Kolèksi-kolèksi kang disimpen ing musiyum kalebu kolèksi arsitèktur paling komplit ing donya amarga cacahé luwih saka 600.000 gambar, luwih saka 750.000 kertas lan piranti liyané, lan luwih saka 700.000 foto saka sadonya. Kolèksi bab arsitèktur kang disimpen ing musiyum iki ora mung arsitèktur saka Inggris, nanging uga ana akèh gambar arsitèktur Éropa (kayata arsitèktur Itali) liyané lan gambar arsitèktur saka Amérika uga disimpen ing musiyum.[4]

Asia

Kolèksi seni saka Asia kang kasimpen ana ing musiyum gunggung 160.000 obyèk. Musiyum nyimpen kolèksi seni penting saka Tiongkok lan uga ana kolèksi saka Asia Kidul kang dadi kolèksi paling penting ing Kulon. Saliyané kuwi, musiyum uga nyimpen kolèksi liyane saka Asia, ya iku saka Asia Kidul Wétan, Karajan Himalaya, Wétan Adoh, Cina, lan kolèksi-kolèksi Islam. Kolèksi Islam kang dipasang ana ing musiyum, kayata Al-Quran kang nganggo kaligrafi apik lan saka pirang-pirang période. Saliyané kuwi uga ana mimbar masjid abad 15 saka Masjid Kairo. Kolèksi saka Asia Kidul lan Asia Kidul Wétan ing musiyum cacahé ana 60.000 obyèk, ana 10.000 tèkstil lan 6000 lukisan. Kolèksi saka Wétan Adoh ana luwih saka 70.000 karya seni.[5]

Buku

Musiyum Victoria lan Albert duwé perpustakaan umum lan Perpustakaan Seni Nasional kang nyimpen luwih saka 750.000 buku, gambar, foto, lukisan, lan cithakan. Perpustakaan kang ana ing musiyum minangka salah sijining perpustakaan kanggo studi seni rupa lan dékoratif kang paling gedhé ing donya. Ing perpustakaan uga ana kolèksi manuskrip, surat, lan arsip seniman.[6]

Furnitur

Ing wulan Novèmber 2021, Musiyum V&A mulai buka galéri kanggo furnitur. Sadurungé galèri furnitur dibuka, musiyum wis nganakaké paméran furnitur kanggo nuduhaké yèn disain lan konstruksi furnitur kang dipaméraké déning musiyum duwé guna. Furnitur-furnitur kang dipaméraké ing musiyum digawé déning para tukang disain, ya iku Ron Arad, John Henry Belter, Joe Colombo, Eileen Gray, Verner Panton, Thonet, and Frank Lloyd Wright.[7]

Rerenggan

Kolèksi rerenggan Musiyum V&A gunggung 6000 rerenggan lan kalebu dadi rerenggan paling komplit ing donya. Rerenggan kang kasimpen ing musiyum ana kang saka jaman Mesir Kuna lan disain rerenggan saka kertas. Musiyum V&A uga duwé karya rerenggan kondhang Cartier, Jean Schlumberger, Peter Carl Fabergé, Andrew Grima, Hemmerle, lan Lalique.[8]

Piranti musik

Piranti musik kang paling penting ing musiyum ya iku biola kang dicipta déning Antonio Stradivari taun 1699, oboe darbéné Gioachino Rossini, lan spinet permata kang digawé déning Annibale Rossi taun 1571.[9]

Lukisan

Kolèksi lukisan ing musiyum ana manéka warna lukisan. Lukisan saka cat minyak ana 1130 saka Inggris lan 650 saka Éropa, 6800 lukisan saka cat air kang asalé saka Inggris, lan ana 2000 miniatur kang disimpen ing musiyum. Saliyané kuwi uga ana Kartun Rafael kang disilih déning musiyum saka kolèksi Ratu Elizabeth II.[10]

Téater

Kolèksi téater ing musiyum diadegaké ing 1920-an nalika kolèktor pribadi, Gabrielle Enthoven nyumbangaké kolèksi téater marang musiyum. Musiyum V&A nyimpen kolèksi seni tontonan Inggris, kalebu drama, tari, opera, sirkus, wayang, dagelan, téater musikal, kostum, pantomim, lan bentuk seni tontonan liyané.[11]

Rujukan