Kéwan nokturnal

(Kaelih saka Nokturnal)

Kéwan saba wengi utawa kéwan nokturnal yaiku pakulinan kéwan kang turu ing wayah awan lan saba nalikané wengi. Déné kéwan kang saba ing wayah awan lan turu nalika wengi diarani kéwan diurnal. Kéwan nokturnal lumrahé duwé daya ngrasakaké ganda lan swara kang luwih, uga pandeleng kang apik sanajan ing kaanan peteng. Ciri kang kaya mangkéné bisa ngréwangi kéwan anggoné ngéndhani kéwan prédhator kaya déné kupu Helicoverpa zea éndha saka prédhator.[1] Sawenèh kéwan nokturnal kaya déné kucing uga duwé mripat kang tetep bisa nyawang kanthi premana nalika padhang/awan (delengen kaca metaturnal). Déné lawa mung bisa ndeleng ing wayah wengi. kéwan saba wengi kaya ta tarsius lan manuk guweg duwé mata kang uwih gedhé tinimbang ukuran awaké minangka pangimbang saka sunar kang kurang nalika wengi. Lan luwih luwih manèh, ukuran kornéa mripat kang luwih gedhé tinimbang kéwan diurnal.[2]Kéwan kang dikenal saba wengi umpamané kucing, tikus, guweg lan lawa.

Guweg dikenal minangka kéwan saba wengi, sanajan ana jinis guweg uga saba nalika awan

Rujukan