Poliandri

Poliandri iku siji rupa poligami ing ngendi sing nglakoni iku wong wadon. Dadi tegesé ya iku wong wadon sing nduwé bojo lanang punjul siji. Conto misuwur poliandri iku kasus Dèwi Drupadi sajeroning wiracarita Mahabharata ing vèrsi asliné. Ing Tanah Jawa jaman mutakir, Dèwi Drupadi namung ditepungi minangka garwané Prabu Puntadéwa.

Dèwi Drupadi ing siji lukisan India karo limang garwané; para Pandhawa

Saka 1.231 masarakat sing dipratélakaké ing 1980 Ethnographic Atlas, 186 tinemu minangka monogam, 453 iku kadhangkala poligin, 588 kerepé poligin lan 4 iku ndarbèni kasus poliandri.[1] Dadi poliandri iku kalebu langka.

Réferènsi