Préfèktur Gifu


Prefektur Gifu (岐阜県 Gifu-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing Chubu, mliginipun ing pérangan paling tengah Pulo Honshu [1][2]. Kutha krajan punika mapan ing kutha Gifu.

Peta Prefektur Gifu
Gifu Prefecture
岐阜県
Prefecture
Trankripsi Japanese
 • Japanese岐阜県
 • RōmajiGifu-ken
Gendéra Gifu Prefecture
Gendéra
Official logo of Gifu Prefecture
Symbol
Location of Gifu Prefecture
CountryJapan
RegionChūbu (Tōkai)
IslandHonshu
CapitalGifu
SubdivisionsDistricts: 9, Municipalities: 42
Pamaréntahan
 • GovernorHajime Furuta
Laladan
 • Gunggung10.621,29 km2 (410,090 sq mi)
 • Urut laladan7th
Cacah warga (June 1, 2019)
 • Gunggung1.991.390
 • Urut pepadhet17th
 • Pepadhet1,9/km2 (4,9/sq mi)
Kodhe ISO 3166JP-21
Situs wèbwww.pref.gifu.lg.jp/EnglishCithakan:Infobox region symbols

Sajarah

Prefektur Gifu mapan wonten ing wewengkon ingkang miturut pambagian provinsi lawas Jepang dipunsebat Provinsi Hida lan Mino. Oda Nobunaga maringi nama wewengkon punika minangka "Gifu", mawi aksara kanji "gi" kados wonten ing nama Gunung Gi (Gunung Qi) ing Tiongkok ingkang dados papan jumenengipun Dinasti Zhou. Wiwit saking rumiyin Gifu kalebet punjer pedamelan barang-barang landhep wonten ing Jepang.

Géografi

Prefektur Gifu kalebet salah satunggaling prefektur ing Jepang ingkang dipunkurung kaliyan dharatan. Wewengkonipun katutup 7 prefektur: Aichi, Fukui, Ishikawa, Mi, Nagano, Shiga, lan Toyama. Prefektur Gifu mlebet ing wewengkon Chubu, nanging wewengkon ing sisih kidul ugi kalebet wewengkon Tokai [3].

Wonten ing pérangan lèr (wewengkon Hida) wonten kathah redi ingkang ndhapuk Pagunungan Alpen Jepang: Gunung Hodaka, Gunung Yarigatake, Gunung Kasagatake, Gunung Norikuradake, Gunung Kinkazan, lan Gunung Enasan. Déné ing sisih kidul (wewengkon Mino) kalebet dhataran andhap ingkang subur kanggé tetanèn. Kathahipun penduduk mapan wonten ing wewengkon Mino Lèpèn Ibi, Lèpèn Hida, Lèpèn Miyagawa, lan Lèpèn Itadori.

Kutha

Wonten ing Prefektur Gifu gadhah 21 kutha:

  • Ena
  • Gero
  • Gifu (kutha krajan)
  • Gujo
  • Hashima
  • Hida
  • Kakamigahara
  • Kani
  • Kaizu
  • Mino
  • Minokamo
  • Mizuho
  • Mizunami
  • Motosu
  • Nakatsugawa
  • Ogaki
  • Seki
  • Tajimi
  • Takayama
  • Toki
  • Yamagata

Kutha alit lan désa

  • Distrik Anpachi
Anpachi
Goudo
Wanouchi
  • Distrik Fuwa
Sekigahara
Tarui
  • Distrik Hashima
Ginan
Kasamatsu
  • Distrik Ibi
Ibigawa
Ikeda
Ono
  • Distrik Kamo
Hichisou
Higashishirakawa
Kawabe
Sakahogi
Shirakawa
Tomika
Yaotsu
  • Distrik Kani
Mitake
  • Distrik Motosu
Kitagata
  • Distrik Ono
Shirakawa
  • Distrik Yoro
Yoro

Transportasi

Stasiun Shinkansen ing Gifu Hashima ingkang mapan wonten ing njawinipun kutha Gifu. Gifu Hashima saged kelampahan kanthi wekdal kirang saking 1 jam saking Osaka utawi 2 jam saking Tokyo. Kutha-kutha sanès ing Prefektur Gifu kaubungaken kaliyan jaringan sepur JR, Meitetsu, lan bus antarkota.

Industri

Tongkat pamukul bisbol ingkang dipunagem Ichiro Suzuki lan Matsui Hideki dipundamel déning indhustri kerajinan kayu ing Prefektur Gifu.
  • Kerajinan bandha tajam (kutha Seki)
  • Tekstil

Festival

  • Hamana matsuri (pasar mirah barang-barang landhep) ing kutha Seki (wulan Oktober)

Taman Nasional

  • Taman Nasional Pagunungan Chubu (Chubu Sangaku Kokuritsu Koen).
  • Taman Nasional Hida Kisogawa
  • Taman Nasional Ibi Sekigahara Yoro

Pariwisata

  • Padusan toya panas (onsen) ing Shin Hodaka, Hirayu, lan Gero
  • Gunung Hodaka
  • Gunung Norikuradake
  • Griya Tradisional Désa Shirakawa (Warisan Dunia UNESCO)
  • Lèpèn Nagara (ulah raga toya)
  • Ukai (nyekel ulam mawi ngginakaken peksi kormoran)

Cathetan suku

Pranala njawi