Rui Costa

Rui Costa iku juru main bal-balan profèsional sing lair ndhik Lisboa, Portugal tanggal 29 Maret 1972.[1] Pemain sing dhuwuré 180 cm kuwi yaiku juru main ngarep.[1]

Rui Costa ndhik Benfica taun 2007

Piyambaké pensiyun sawisé mbela Benfica ndhik laga musuh Vitoria Setubal. Ndèk tetandhingan kuwi Benfica menang 3 gol.[2]

Rui Costa sadurungé wis pensiyun mbéla negarané sawisé Piala Eropa 2004 lan wis main ping 94 lan bisa gawé 26 gol.[2]

Kariré

Sawisé ora main bal-balan manèh piyambaké dadi irekturé tim bal-balan Benfica.[3] Piyambaké akèh dipuji amarga wektu menjabat posisi kuwi bisa nekakné juru main sing apik kaya ta Pablo Aimar, Jose Antonio Reyes, David Suazo, Javier Saviola, Ramires lan Javi Garcia.[3] Piyambaké bisa uga nekakné pelatih sing wis akèh pengalaman yaiku Jorge Jesus.[3]

Cathetan suku