Sébastien Bourdais

Sébastien Olivier Bourdais[1] (lair ing Le Mans, Prancis, 28 Fèbruari 1979; umur 45 taun) inggih punika satunggaling mantan pembalap Formula 1 asal Perancis. piyambakipun naté kagabung kaliyan tim Scuderia Toro Rosso saking Australia 2008 dumugi Jerman 2009. Bourdais piyambak minangka pembalap paling suksès wonten ing sajarah ing ajang Champ Car, kanthi cathetan prèstasi menangaken sekawan gelar juara donya Champ Car saking taun 2004 dumugi taun 2007, lan ugi dados juara pungkasan ajang Champ Car sadèrèng ajang balapan mau manunggal kaliyan IndyCar Series ing taun 2008.

Sébastien Bourdais
Bourdais taun 2007
Lair (1979-02-28) 28 Fèbruari 1979 (umur 45)
Prancis Le Mans, Prancis
Sejarah karier dalam ajang Formula Satu
Kewarganegaraan Prancis
Taun aktifCithakan:F1–Cithakan:F1
TimScuderia Toro Rosso
Jumlah lomba27
Juara dunya0
Menang0
Podium0
Total poin6
Posisi pole0
Lap tercepat0
Balapan KapisananGrand Prix Ostrali 2008
Balapan PungkasanGrand Prix Jerman 2009
Klasemen 2009P19 (2 pts)

Sapunika Bourdais balapan wonten ing Seri Le Mans sesarengan tim Peugeot Sport. Piyambakipun wangsul ugi dhateng ajang IndyCar kanthi dados pembalap paruh wekdal kanggé tim Lotus-Dragon Racing kanthi spesialisasi kanggé mandhap ing trèk-trèk kanthi karakter sirkuit jalanan (non-oval).[2]

Pagesangan pribadi

Sebastien Bourdais miyos saking kulawarga pembalap. Bapakipun, Patrick Bourdais, minangka satunggaling pembalap turing, rèli pagunungan, lan sports car nalika timuripun, lajeng remen kebut - kebutan ingkang rama mau nurun dhateng Bourdais dumugi pungkasanipun ingkang rama mangéstoni putranipun saperlu mandhap ing ajang balapan.

Bourdais palakrama kaliyan pacaripun, Claire wonten ing wulan Mèi 2006. Adicara palakrama dipunadani wonten ing Gréja Katedral ing kutha Le Mans. Wonten ing resèpsi, rawuh kanca - kanca Bourdais anatwisipun bosipun wonten ing ajang Champ Car, Paul Newman, ugi rawuh ketua DPRD Le Mans lan walikota Le Mans. Wonten ing pista resèpsinipun, Bourdais ngawontenaken pista koktail. Pasangan Bourdais lan Claire kaparingan 2 putra inggih punika Emma ingkang miyos ing Dhésèmber 2006 lan Alexander ingkang miyos ing taun 2009.

Sapunika manajer Sebastien Bourdais inggih punika Nicolas Todt ingkang minangka putra saking Jean Todt, Présidhèn FIA sapunika.

Balapan Junior

Karting

Bourdais miwiti petualangan balapanipun wonten ing yuswa 10 taun wonten ing ajang gokart. Wonten ing éra 1990-an, piyambakipun sampun pengalaman nglamapahi kompetisi wonten ing manéka kejuaraan gokart, kanthi préstasi menangaken Maine Bretagne League taun 1991 lan Kejuaraan Kadet Prancis taun 1993. Bourdais ugi dados péranganing tim Sologne Karting ingkang menangaken ajang Le Mans 24 hours karting championship wonten ing sirkuit Alain Prost kanthi migunakaken sasis Merlin lan kanthi tenaga mesin Atomic.

Formula junior

Bourdais lajengg nglajengaken lelampahanipun dhateng ajang single seater taun 1995 kanthi finish ing P9 wonten ing ajang Formula Campus. Lajeng piyambakipun pindhah dhateng ajang Formula Renault Prancis sadanguning 2 taun kanthi kasil dados runner up wonten ing taun 1997 sasampuning menangaken 4 pérangan balapan lan gangsal pole. Wonten ing taun 1998 piyambakipun menangaken 5 balapan lan dados Rookie of the Year ing Formula 3 Perancis. Piyambakipun lajeng dados juwara nasional Perancis wonten ing taun 1999 kanthi menangaken 8 pérangan lan 3 pole position.

Formula 3000

Sasampuning sukses wonten ing Formula Junior, Bourdais kagabung dhateng tim Prost Junior ing ajang Formula 3000 Internasional (sapunika dados Seri GP2). Piyambakipun finish wonten ing posisi 9 klasemen umum kanthi raihan 1 pole lan 1 podium. Mangsa 2001 Bourdais pindhah dhateng tim DAMS lan menangaken balapan pisananipun ing F3000 wonten ing Silverstone, Northamptonshire. Piyambakipun lajeng pindhah tim malih taun 2002, sakmennika kaliyan Super Nova Racing, lan saged pikantuk 3 kemenangan lan 7 pole position. Piyambakipun lajeng ngawonaken Giorgio Pantano kanthi selisih 2 poin sasampuning Tomas Enge, ingkang sajatosipun dados juara umum, dipunnyatakaken kénging diskualifikasi sasampuning gagal wonten ing tés doping.[3]

Champ Car World Series

Sebastien Bourdais ing Long Beach 2005.

Sasampun boten wonten tim F1 ingkang minat dhateng Bourdais, piyambakipun lajeng milih mendhet dalan radikal: pindhah dhateng ajang Champ Car (CART) ing Amérikah Sarékat (AS). Kanthi bab punika, ateges Bourdais sami kaliyan mantan juara-juara F3000 kados Juan Pablo Montoya lan Bruno Junqueira ingkang ugi mandhap ing ajang CART. Wonten ing CART piyambakipun kagabung kaliyan tim Newman-Haas Racing kanggé mangsa 2003. Wonten ing St. Petersburg, Florida, Bourdais dados rookie CART pisanan wiwit Nigel Mansell ingkang saged ngrebut pole position wonten ing balapan debutipun. Nanging, piyambakipun gagal dadosaken posisi pole-nipun dados sawijining kamenangan amargi gagal finish.[4] Mlebet balapan kaping 4 ingkang dipunadani wonte ing Inggris (Brands Hatch), Sebastien Bourdais saged pikantuk kemenangan pisananipun sasampuning mimpin sadanguning 95 lap.[5] Kemenangan ingkang sanès kadadosan wonten ing EuroSpeedway Lausitzring.[6] Lan wonten ing pungkasaning mangsa, Bourdais saged dumunung ing P4 klasemen pungkasan, kanthi 5 finish podium, kalebet kemenangan dominan ing Cleveland lan runner up ing Mexico City. Piyambakipun ugi pikantuk gelar Rookie of the Year wonten ing mangsa debutipun mau.

Formula 1

Arrows lan Renault

Taun 2002 Bourdais pikantuk kesempatan tés mobil F1 kaliyan tim Arrows, lajeng napakasmani kontrak kanthi wekdal tigang taun kaliyan tim mau.[7] Nanging nalika wulan Agustus, tim Arrows bangkrut. Lajeng wulan Dhésèmber wonten ing taun ingkang sami, piyambakipun nindakaken tés kaliyan Renault ing Jerez, nanging kawon kaliyan kanca sanagaranipun, Franck Montagny ingkang lajeng kasil kapilih minangka test driver resmi Renault.[3] Rumor nyebutaken, kasingkiripun Bourdais déning Montagny minangka akibat Bourdais boten purun napakasmani kontrak manajemén kaliyan Flavio Briatore.

Statistik

Mangsa dhateng mangsa

MangsaSèriTimLombaPoleMenangPoinKlasemèn
1995French Formula Renault Campus??00?ke-9
1996Formula Renault Perancis??00?ke-7
1997Formula Renault PerancisLa Filière1854172ke-2
1998Formula Tiga PerancisLa Filière220098ke-6
Formula Tiga InggrisLa Filière1000NC
Grand Prix MakauEquipe de France100N/ANC
Masters of Formula Three?100N/Ake-20
1999Formula Tiga PerancisLa Filière2038229Juara
Le Mans 24 Jam kelas GTSLarbre Compétition100N/ANC
Grand Prix MakauEquipe de France100N/ANC
Masters of Formula Three?100N/Ake-10
2000Formula 3000Gauloises Formula10109ke-9
Le Mans 24 Jam kelas LMP 900Pescarolo Sport100N/Ake-4
Seri Le Mans Amérika kelas LMPPescarolo Sport10013ke-53
2001Formula 3000DAMS121126ke-4
Le Mans 24 Jam kelas LMP 900Pescarolo Sport100N/Ake-4
Seri Le Mans Amérika kelas LMP 900Pescarolo Sport1001831st
FIA Sportscar Championship SR1 classPescarolo Sport2000NC
2002Formula 3000Super Nova Racing126356Juara
Le Mans 24 Jam kelas LMP 900Pescarolo Sport100N/Ake-10
FIA Sportscar Championship kelas SR1Pescarolo Sport31255ke-4
2003CART Champ Car World SeriesNewman/Haas Racing1853159ke-4
2004Champ Car World SeriesNewman/Haas Racing1487369Juara
Le Mans 24 Jam kelas LMP 1Pescarolo Sport100N/ANC
2005Champ Car World SeriesNewman/Haas Racing1366348Juara
International Race of ChampionsN/A42146ke-5
IndyCar SeriesNewman/Haas Racing10018ke-28
Seri Le Mans Amérika kelas GT1Larbre Compétition1000NC
Rolex Sports Car Series (24 Hours of Daytona) kelas DPNewman Racing1006ke-89
2006Champ Car World SeriesNewman/Haas Racing1467387Juara
Seri Le Mans Amérika kelas GT2Multimatic Motorsports Team Panoz20145ke-18
Rolex Sports Car Series (24 Hours of Daytona) DP classDoran Racing1003ke-108
2007Champ Car World SeriesNewman/Haas/Lanigan Racing1468364Juara
Le Mans 24 Jam kelas LMP1Team Peugeot Total110N/Ake-2
2008Formula SatuScuderia Toro Rosso18004ke-17
2009Formula SatuScuderia Toro Rosso9002ke-19
Le Mans 24 Jam kelas LMP1Team Peugeot Total100N/Ake-2
Seri Le Mans Amérika kelas LMP1Team Peugeot Total10026ke-23
Superleague FormulaSevilla FC8122531ke-91
2010Superleague FormulaOlympique Lyonnais10012352ke-182
Le Mans 24 Jam kelas LMP1Team Peugeot Total110N/ANC
Seri Le Mans kelas LMP1Team Peugeot Total11118ke-21
Seri Le Mans Amérika kelas LMP1Team Peugeot Total100N/ANC
V8 Supercar Championship SeriesTekno Autosports200N/ANC
2011IndyCar SeriesDale Coyne Racing30044ke-27
Le Mans 24 Jam kelas LMP1Team Peugeot Total100N/Ake-2
Seri Le Mans LMP1Peugeot Sport Total100N/ANC
  • 1 Kalebet poin ingkang dipuncathetaken pembalap Sevilla FC ingkang sanès.
  • 2 Kalebet poin ingkang dipuncathetaken pembalap Lyon ingkang sanès.

Le Mans: Mangsa ke mangsa

TaunKelasBanTimMobilKanca
setim
Kanca
setim
PosisiPosisi
kelas
1999GTSCithakan:Michelin Larbre CompétitionPorsche 911 GT2 Jean-Pierre Jarier Pierre de ThoisyRetRet
2000LMP 900Cithakan:Michelin Pescarolo SportCourage C52 Olivier Grouillard Emmanuel Clérico44
2001LMP 900Cithakan:Michelin Pescarolo SportCourage C60 Jean-Christophe Boullion Laurent Rédon134
2002LMP 900Cithakan:Michelin Pescarolo SportCourage C60 Jean-Christophe Boullion Franck Lagorce109
2004LMP1Cithakan:Michelin Pescarolo SportCourage C60 Emmanuel Collard Nicolas MinassianRetRet
2007LMP1Cithakan:Michelin Team Peugeot TotalPeugeot 908 HDi FAP Stéphane Sarrazin Pedro Lamy22
2009LMP1Cithakan:Michelin Team Peugeot TotalPeugeot 908 HDi FAP Stéphane Sarrazin Franck Montagny22
2010LMP1Cithakan:Michelin Team Peugeot TotalPeugeot 908 HDi FAP Simon Pagenaud Pedro LamyRetRet
2011LMP1Cithakan:Michelin Team Peugeot TotalPeugeot 908 Simon Pagenaud Pedro Lamy22

Cathetan suku

Pranala njaba