Salam Lintas Agami

    

Salam Lintas Agami, Salam Bebuka Sedaya Agami utawi Salam Sedaya Agami inggih punika satunggaling ucapan salam mligi saking enem agami ingkang dipunakèni ing Indonésia ingkang dipunucapaken kanthi sesarengan. Salam menika kasusun saking assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh (Islam), salam sejahtera bagi kita semua (Katulik), Shalom (Kristen), Om Swastyastu (Hindhu), Namo Buddhaya (Buddha), kaliyan Salam Kebajikan (Konghucu).[1] Salam menika kawitanipun dipunkondhangaken déning Présidhèn Indonésia Jaka Widada.[2] Ing Jawa Kilèn, salam menika dipunwewahi mawi tembung "Sampurasun" ingkang asalipun saking basa Sundha.[3]

Salam menika naté njalari padudon amargi Majelis Ulama Indonésia ing Jawa Wétan ngaramaken salam menika mawi dhedhasar yèn tembung "assalamualaikum" inggih punika tembung donga.[4] Sanadyan makaten, Nahdlatul Ulama ing Jawa Wétan boten nglarang masarakatipun ngginakaken salam menika.[5][6]

Isi salam

Ing ngandhap punika salam ingkang asring dipunucapaken ing salam sedaya agami:[7]

  • Islam: السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu "mugi kasugengan lan kawelasaning Gusti Allah ugi kaberkahan-Nipun kalimpah tumrap panjenengan sedaya"
  • Kristen kaliyan Katulik: Salam Sejahtera bagi Kita Semua utawi Shalom "Tentrem"
  • Hindhu: ᬒᬁ ᬲ᭄ᬯᬲ᭄ᬢ᭄ᬬᬲ᭄ᬢᬸ Om Swastyastu "mugi ing kaanan slamet amargi kawelasan saking Hyang Widhi"
  • Buddha: Namo Buddhaya "Pinuji sang Buddha"
  • Kong Hu Cu: Salam Kebajikan utawi Wei De Dong Tian (惟德動天) "Namung Kabecikan Ingkang Saged Ngebahaken Tian (Gusti)"

Sawatara salam sanès ingkang kasipat kasukuan kala-kala ugi dipunsebutaken sasampunipun salam agami:

  • Jawa: (ngoko) ꦫꦲꦪꦸ Rahayu, (krama) ꦫꦲꦗꦼꦁ Rahajeng (slamet, raharja, begja, lepat ing kacilakan utawi kasangsaran)[8]
  • Sunda: ᮞᮙ᮪ᮕᮥᮛᮞᮥᮔ᮪ Sampurasun
  • Batak: ᯂᯬᯒᯘ᯲ Horas[9]
  • Karo: Mejuah Juah
  • Lampung-Komering: Tabik Pun
  • Bugis-Makassar: Salamaki Tapada Salama[10]
  • Dayak: Adil Ka' Talino, Bacuramin Ka' Saruga, Basengat Ka'Jubata "adil dhumateng sesami, ngilo dhumateng swargi, ambekan dhumateng Gusti"[11][12]
  • Nias: Ya’ahowu[13]
  • Minahasa: Tabea

Ing jawi Indonésia

Ing Malaysia, salam kagem tigang ras utami (Melayu, Cinten kaliyan Indhi) dipunkondhangaken déning Syed Saddiq, tilas mantri ulah raga kaliyan para mudha Malaysia. Piyambakipun asring mbikak parembuganipun mawi Assalamualaikum, Da Jia Hao, Eppadi Irukinge Vanekam. Salam mligi menika malah kober viral antawising warganèt Malaysia.[14][15]

Rujukan