Sampel

Sampel iku péranganing populasi kang arep ditliti; dideleng minangka sawiji pandugan marang populasi, nanging dudu populasi iku dhéwé.[1] Sampel dianggep wakil saka populasi kang asilé makili sakabèhané tandha-tandha kang diamati.[2] Ukuran lan keragaman sampel dadi panentu apik orané sampel kang dijupuk. Ana rong cara panjupukan sampel, ya iku kanthi acak (random)/probabilita lan ora acak (non-random)/non-probabilita.[2]

Dhèskripsi panjupukan sampel ing statistik

Acak (Random sampling)

Maknané, saben anggota saka populasi duwé kesempatan lan peluang kang padha kanggo dipilih minangka sampel.[3] Ora ana intervensi tinamtu saka paneliti.Saben jinis saka panjupukan acak (probability sampling) iki duwé kaluwihan lan kakurangan dhéwé.[3]

Panjupukan acak prasaja (Simpel random sampling)

Panjupukan acak kanthi sistematis (Systematic random sampling)

Panjupukan acak dhedhasar lapisan (Stratified random sampling)

Panjupukan acak dhedhasar area (Cluster sampling)

Ora acak (Non-random sampling)

Panjupukan nalika (Accidental/haphazard sampling)

Panjupukan miturut gunggung (Quota sampling)

Panjupukan miturut tujuwan (Purposive sampling)

Panjupukan runtun (Snow-ball sampling)

Minangka tèknik panjupukan sampel kang diayahi kanthi sistem jaringan responden.[3] Wiwit saka wawancara marang siji rèspondhen.[3] Banjur, rèspondhèn mau bakal nuduhaké rèspondhèn liya lan rèspondhèn liya mau bakal nuduhaké rèspondhèn sabanjuré.[3] Bab iki diayahi kanthi terus-terusan nganti gunggung anggota sampel kang dikarepaké kagayuh.[3] Kaluwihan saka panjupukan runtun iki ya iku bisa olèh rèspondhèn kang kredibel ing bidhangé.[3] Déné kakurangané ya iku butuh wektu cukup suwé lan durung temtu makili sakabèhané variasi kang ana.[3]

Rujukan