Sandhal

Sandhal ya iku salah sijiné anggon-anggon sikil sing pérangan driji sikil utawa tungkak kebukak. Pérangan sol diwènehi tali utawa sabuk kang mupangaté dianggo njepit ing pérangan driji, geger sikil, utawa ugel-ugelan. Supaya sandhal ing pérangan geger sikil karo driji ketutup,sandhal ora coplok saka sikil kang nganggo.Jenisé sandhal miturut wujudé:

Sandhal Selop
  1. Sandhal Jepit ya iku sandhal kang warna-warna wujudé digawé saka bahan karèt utawa plastik. Tali kang dianggo jepit wujudé huruf V sing ngubungaké pérangan ngarep karo pérangan mburi sandal.
  2. Sandhal Bakiak (thèklèk) ya iku sandhal kang telapakané digawé saka kayu kang énténg (kayu randhu) lan diwènèhi tali utawa sabuk saka ban bekas kang dipaku ing kiwa tengené.Sandhal Bakiak uga sandal kang tahan banyu lumrahé ana umat Islam, bakiak dianggo wektu wudhu kanggo nindakaké rukun Islam ya iku salat.
  3. Sandhal Selop ya iku sandal kang digawé saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujudé nutupi pérangan driji, geger sikil lan pérangan tungkak kebukak.

Sajarah

Asal tembung sandhal ya iku sandalion (basa Yunani) sing diserep sajeroning basa Latin (sandalium), basa Prancis (sandale), lan sapituruté.[1] Ing Indonésia tembung sandal dijupuk saka basa Walanda sandaal. Sandal asal saka alas sikil wong Yunani lan Romawi Kuna. Ing jaman semana, sol digawé saka gabus, déné pérangan panutup digawé saka kulit. Pérangan driji sikil diumbar kabuka, lan dipepaki kanthi sabuk utawa tali supaya ora copot saka sikil nalika dianggo lumaku. Sajeroning perkembangan sabanjuré, pendhita Katulik migunakaké kaos sikil kanthi bordir sing karan sandhal.[2]

Sandhal saka saindhenging donya

  • Bakiak, sandhal kayu kanthi tali saka ban tilas
  • Klompen, selop kayu saka Walanda
  • Patten, sandhal kayu saka abad pertengahan
  • Espadrille, sandhal saka Prancis
  • Huarache, sandhal saka Mèksiko (pérangan penutup mburi digawé saka nam-naman kulit)
  • Mary Jane, sandhal saka Amérikah Sarékat (pérangan driji katutup ing pérangan tungkak)
  • Zōri, sandhal tradhisional Jepang, digawé saka plastik, kain, utawa nam-naman suket.
  • Geta, sandhal kayu saka Jepang
  • Caliga, sandhal militèr Romawi

Réferènsi

Pranala njaba