Surat Al Baqarah

surat ka-2 ing Al Qur'an
al-Baqarah
البقرة
Ayat 1 s.d. Ayat 6
Ayat 1 s.d. Ayat 6
Informasi
MaknaSapi wadon
Nami sanèsFustatul Qur'an
Alif Lam Mim
az-Zahrawan[1]
as-Sinam[2]
KlasifikasiMadaniyah
Ayat 281 diudhunaké ing Mina nalika Kaji Wada'
Surat ka2
JuzJuz 1 (ayat 21-141)
Juz 2 (ayat 142-252)
Juz 3 (ayat 253-286)
Statistik
Gunggung ruku'40 ruku'
Gunggung ayat286 ayat
Gunggung tembung6.221 tembung
Gunggung aksara25.500 aksara

Surat Al Baqarah (Arab سورة البقرة) iku surat kapindho Al-Quran mawa 286 ayat. Tegesé "Sapi". Surah iki dumadi saka 286 ayat, 6.221 tembung, 25.500 aksara lan kagolong surah Madaniyah. Sapérangan gedhé ayat sajeroning surat iki diudhunaké ing wiwitan ijrah, kajaba ayat 281 kang diudhunaké ing Mina nalika Haji Wada'. Surat iki kang dawa dhéwé. Isiné bab Nabi Musa kang dhiskusi karo kaum Israil prakara sapi kang kudu dikurbanaké supaya mangertèni sapa kang matèni sawijining wong.

Ringkesan isi

  1. Kaimanan:
    Dakwah Islamiyah kang ditujokaké marang umat Islam, ahli kitab lan para musyrikin.
  2. Hukum-hukum:
    Préntah ngayahi sbabat; jakat; hukum pasa; hukum kaji lan umrah; hukum qishash; bab-bab kang halal lan kang karam; golèk nafkah ing dalan Allah; hukum arak lan judi; cara nyantuni anak yatim, larangan riba; utang piutang; nafkah lan kang duwé hak nampa; wasiat marang wong tuwa lan kaum kerabat; hukum sumpah; kuwajiban nerusaké amanat; sikir; hukum ngrusak masjid; hukum ngowahi kitab-kitab Allah; hukum haidh, 'iddah (masa nunggu tumrap wanita kang nembé tinggal bojo amarga tilar donya utawa pegatan), talak (pegatan), khulu', ilaa' lan hukum susuan; hukum nglamar, mahar (mas kawin), larangan ngawini wanita musyrik lan suwaliké; hukum perang.
  3. Kisah-kisah:
    Kisah pqnciptaan Nabi Adam a.s.; kisah Nabi Ibrahim a.s.; kisah Nabi Musa a.s. dengan Bani Israil.
  4. Lan liya-liya:
    Sifat-sipat wong kang takwa; sipat wong-wong munafik; sipat-sipat Allah; ‘’perumpamaan-perumpamaan’’; kéblat, kebangkitan sawisé mati.

Rujukan

Pranala njaba