Surat An Nashr

an-Nasr
النصر
Barkas:An-Nasr.png
Informasi
MaknaPitulungan
KlasifikasiMadaniyah
Surat ka110
JuzJuz 30
Statistik
Gunggung ruku'1 ruku'
Gunggung ayat3 ayat

Surah An-Nasr (basa Arab:النصر) punika surah ka-110 salabetipun al-Qur'an. Surah punika kapérang saking 3 ayat lan kalebet surah Madaniyah. An Nasr ateges "Pitulungan", nama surah punika wonten kaitanipun kaliyan topik surah punika inggih punika janji manawi pitulungan Allah bakal rawuh lan Islam bakal pikantuk kamenangan.

Sesambungan kaliyan surah Al-Lahab

Surah An-Nasr medharaken prakawis kamenangan ingkang dipunpikantuk Muhammad lan pengikut-pengikutipun, éwadéné surat Al Lahab medharaken prakawis kebinasaan lan siksa ingkang bakal dipuntandhang déning Abu Lahab lan garwanipun minangka tiyang-tiyang ingkang nentang Nabi.

Tèks

Alih aksara

bismilaahir rahmaanir rahiim
idza jaa an-nasrullaahi wal fat-h
wa ra aitan naasa yadkhuluuna fii diini laahi atwaja
fasabih bihamdi rabika wastafirh
innahu kana tawwaba

Jarwanipun

  1. Nalika pitulunge Allah lan kemenangan wis teka (karebute Makkah).
  2. Sira deleng manungsa panthan-panthan padha lumebu Islam agamaning Allah.
  3. Mulane sir nyebuta Maha Suci kelawan muji ing Pangeranira. Satemene Allah itu kapareng banget ngapura dosa.[1]

Cathetan sikil

Pranala njawi


Surat Sadurungė:
Surat Al Kaafiruun
Al-Qur'anSurat Sabanjurė:
Surat Al Lahab
Surat 110