Tata Cara Awal Mantu

Wonten ing adat Jawi kangge mantu mliginipun ing Daerah Istimewa Yogyakarta saha Jawa Tengah wonten lelampahan ingkang kedah dipuntindakaken saderengipun panggihing temanten utawi dhaup. Limrahipun kulawarga ingkang ngundhuh mantu nyamektakaken kabetahan pirantos kangge njangkepi tata cara mantu menika. Wondene, tata cara mantu menika ing antawsisipun.

  1. pasang tarub
  2. buwangan
  3. pasang tuwuhan
  4. siraman
  5. sade dhawet
  6. plangkahan
  7. midodareni
  8. panembusing kembar mayang