Thomas Mann

Thomas Mann yaiku novelis lan esais saka Jerman.[1]Lair ana Lübeck, Jerman, tanggal 6 Juni 1875.[1][2]Séda ana cerak Zürich, Switserlan, tanggal 12 Agustus 1955.[1]Awit saka novèlé Buddenbrooks taun 1900, Der Tod in Venedig taun 1912, lan Der Zauberberg taun 1924, dhèwèké éntuk pahargyan Nobel Sastra taun 1929.[1][2]

Thomas Mann (1937)

Dhèwèké yaiku anak padagang lan senat Free City, Johann Heinrich Mann lan Julia da Silva Bruhns.[2]Bapake séda nlika dhèwèké umur 15 taun.[2]Sawisé tamat sekolah, dhèwèké mèlu ibune dadi klerk ana perusahaan asuransi ana Munich kang kabawah kancané bapake.[2]Banjur dhèwèké sinau sajarah, ékonomi, sajarah seni, lan sastra ana universitas lan politeknik kango siyap-siyap dadi jurnalis.[2]Dhèwèké ing Italia karo seduluré Heinrich, kira-kira 4 taun.[2]Kumpulan cerkake, Der kleine Herr Friedemann, terbit taun 1898.[2]Ana Roma, dhèwèké wiwitan nulis novèl Buddenbrooks kang banjur kondhang ana masarakat Jerman.[2]

Cathetan suku

Pranala njaba