Menyang kontèn

Totemisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kapercayan totemisme iku kapercayan marang kewan kang dipercaya nduweni daya kang linuwih. Kapercayan iki dianggep asas kapercayan agama nalika wiwitané manungsa primitif. Kapercayan totemisme percaya yèn kewan tartamtu, nduwé jiwa lan daya linuwih kang kudu dikurmati supaya jiwa mau ora ngganggu manungsa lan isa bebantu manungsa. kewan-kewan totem dipercaya minangka wahanane utawa kendaraan Dewa kang kudu dikurmati lan duwe daya kaya Dewane. Bisa dadi, roh kewan totem mau mbiyantu manungsa ing pranatan padinan..

Ana uga kang percaya yèn kewan kuwi asil saka reinkarnasi utawa tumimbal lair menungsa sing wis mati, upamané ing Nias lan ing kapercayan tradhisional liyane.

Totemisme ing Indonésiabesut sumber

Kapercayan totemisme kuwi lebur karo kapercayan animisme lan dinamisme kang wis dadi sinkretis karo kapercayan tradhisional lan kapercayan manca kang lumebu ing Indonesia.

Tuladhane Kewan-kewan Totembesut sumber

Kewan-kewan kang dipercaya kalebu kewan Totem yaiku:

  • Ayam
  • Celeng
  • Asu
  • Manuk Elang, uga diarani Garudha, kewan suci wahana Dewa Wisnu
  • Manuk Gagak, kewan ssuci pralambang mati utawa donya ngisor
  • Ula
  • Macan
  • Naga, kewan suci kang njaga alam nduwur lan sagara
  • Merak, kewan suci kang dianggep njaga donya nduwur, wahana Dewi Saraswati
  • Sapi, uga diarani Lembu Nandini, kewan suci wahana Dewa Siwa utawa Bathara Guru

Uga delengenbesut sumber

Pranala njababesut sumber


🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaArané pérangan awakSengkalanSurat Adh DhuhaPariwaraSurat Al 'AlaqPerang Donya IIMaskumambangWhatsAppSoekarnoMirunggan:GolèkSurat Al QadrWikipédia:BabWayangWikipédia:Sélakan umumGapura:PaguyubanRuwatanWikipédia:SesambunganWikipédiaPitulung:IsiParikanMacapatSinarmas GroupKleponCublak-cublak suwengFilem pornoBasa JawaKarbonPitulung:RumusSrabiAsmaradanaWayang kulitKartiniPecelWikipédia:Wara-waraWikipédia:AngkringanDhandhanggulaPallywoodDurma