Wikipédia:Panyuwunan status panata

Kapanatan
Kawicaksanan
Pamungutan swara
Tanggung jawab
Panyuwunan status
Birokrat
Cathetan pangangkatan
Pitulung panata

Saben naragina giyat Wikipedia ingkang mangertosi kawicaksanan lan paugeran ing Wikipedia, anggadhahi gegayuhan kanggé majengaken Wikipedia sarta dipunpercanten déning komunitas saged ngajokaken panyuwunan dados panata (opsis).

Sadèrèngipun panjenengan ngajokaken panyuwunan kanggé dipunangkat minangka panata, wonten sawetawis bab ingkang perlu panjenengan timbang:

  • Panjenengan boten merlokaken status panata supados saged damel artikel énggal.
  • Panjenengan boten merlokaken status panata supados saged mbesut artikel.
  • Panjenengan boten merlokaken status panata supados saged ngamot gambar.
  • Panjenengan boten merlokaken status panata supados saged mindhahaken irah-irahan utawi nggabungaken kaca.
  • Panjenengan boten merlokaken status panata supados saged mangsulaken besutan vandal.
  • Manawi panjenengan yakin wonten bab-bab ingkang panjenengan betahaken status panata, waos bab-bab ingkang kedah panjenengan ayahi sasampunipun panjenengan dados panata.

Sarat-sarat

Sarat-sarat ingkang kedah dipunkebaki tumrap naragina sadèrèngipun nyalonaken dhiri minangka panata:

  • Calon panata kedah ngawuningani cara nganggé Wikipedia kados tembung kunci-tembung kunci ingkang wonten ing Wikipedia, cithakan, kategori, interwiki lan sapanunggalipun.
  • Alamat email kedah dipunsèt lan valid sarta sampun dipunkonfirmasi. Sanèsipun punika calon panata kedah ngidinaken naragina sanès ngintunaken email kanthi ngaktifaken fitur kasebat ing preferensi naragina.
  • Minimal sampun mbesut ing Wikipedia salebeting 3 wulan.
  • Gunggung besutan minimal 500.
  • Giyat ing parembagan/kaca parembagan/angkringan/panyuwunan pamanggih/pamungutan swanten lan sapanunggalipun.
  • Tumut ngayahi pedamelan panata upaminipun, ngrapèkaken artikel, nambahaken interwiki, kategori, cithakan lan sapanunggalipun.
  • Dipunsetujoni minimal 75% saking ingkang maringi swanten. (Naragina ingkang maringi swanten kedah naragina kadhaptar lan minimal sampun gabung salebeting 1 minggu sarta boten arupi sockpuppet).
  • Manawi panjenengan nyalonaken naragina sanès, naragina kasebat kedah nyatakaken purun dipuncalonaken sadèrèngipun dipuncalonaken.

Tata cara

  • Isi nami calon panata ing bagéan "Panyuwunan" ing ngandhap punika.
  • Panata salajengipun badhé mindhahaken dhumateng kaca pamungutan swanten.
  • Miwiti pamungutan swanten.
  • Cathetan: Naragina ingkang katingalipun pancèn boten layak dados panata kados upami nembé gabung, naté dipun blokir, kagungan réputasi utawi cathetan awon lan sapanunggalipun boten badhé dipunlajengaken dhumateng prosès pamungutan swanten lan langsung dipuntulak.

Panyuwunan

Panyuwunan ingkang dipuntulak

Dhaptar panyuwunan ingkang dipuntulak.