Yeongwol

Yeongwol (영월군) inggih punika satunggaling kabupatèn ingkang wonten ing provinsi Gangwon, Koréa Kidul.[1] Kabupatèn punika dipunubengi déning larikan Pagunungan Taebaek lan dados papan patemon antawisipun kalih ilining Kali Donggang lan Seogang.[1]

Kabupatèn Yeongwol

Yeongwol punika tlatah ingkang kawéntar minangka tujuan pariwisata amargi sesawangan pagunungan lan wananipun ingkang éndah.[1] Wewengkon Yeongwol punika dipunwatesi déning kabupatèn Jecheon lan Danyang ing provinsi [[Chungcheong Utara]|Chungcheong]] sarta kabupatèn Yeongju lan Bonghwa ing provinsi Gyeongsang Lor.[1] Wiyar saking wewengkon mau inggih punika 1.127 km² kanthi gunggung penduduk 45.000 jiwa (2004).[1]

Donggang lan Seogang

Kalih aliran kali ketemu wonten ing wewengkon, inggih punika Donggang (Kali Dong) lan Seogang (Kali Seo).[1] Donggang punika kalebet salah satunggal anak kali ingkang dados hulu Kali Han.[2] Tuk (mata air) Donggang (barès: "Kali Wétan") kawiwitan saking lembah pagunungan ing Jeongseon lan Pyeongchang ingkang mili sedawaning 51–60 km dhateng Yeongwol lan kepanggih kaliyan ilining Seogang.[1][2] Seogang utawi "Kali Kulon" mili saking sisih kulon. Donggang ingkang gadhah aliran ingkang deres punika kalebet aréa dolanan arung jeram ingkang paling kondhang ing Koréa Kidul.[1] Nanging ing patemon kaliyan Seogang dados sansaya rindhik lan jero.[1] Amargi mili ing tlatah pagunungan ingkang bébas saking polusi, Donggang punika kali ingkang paling resik wonten ing Koréa lan taksih gadhah habitat fauna ingkang taksih alami.[3] Warga ing mriku mastani Donggang minangka lanang lan Seogang minangka wanita.[1] Dhaérah wisata ingkang kawéntar punika Eorayeon.[1] Eorayeon wonten ing sisih Donggang ingkang gadhah sesawangan wewatuan lan wana pinus.[1] Dhaérah punika kondhang punika papan pariwisatan pendakian sarta ilining toya ingkang bening.[1][4]

Seondol

Seondol (Watu Seon) punika formasi watu kanthi dhuwur 70 mèter ingkang mapan ing sisih Seogang.[5] Seondol gadhah wujud ingkang unik inggih punika kabelah dados kalih lan dipunsebat ugi Shinseon-am utawi Watu Pertapa.[1] Dhesa Seonam ingkang mapan wonten ing sisih Seogang gadhah dharatan unik kados Ujung Koréa awujud alit.[6]

Cheongnyeongpo

Jangneung, komplek makam Raja Danjong

Awit dangu Yeongwol dipuntepangi minangka tlatah ingkang sisah dipunaksès amargi terisolasi déning pagunungan lan kali.[1] Changnyeongpo punika satunggaling pulo ing Yeongwol ingkang mapan wonten ing tengah kali.[1] Pulo punika kalebet situs Jangneung, makam Raja Danjong (1441 – 1457) saking Dinasti Joseon.[1] Raja kaping 6 Dinasti Joseon, Danjong, minggah tahta nalika umur 12 taun.[1] Nalika taun 1456 kanthi umur 16 taun, pak-cilikipun mandhapaken saking tahta lan nyebat bilih piyambakipun minangka Raja Sejo.[7] Danjong mandhap saking pangkatipun dados Nosan-gun lan dipunpindhah dhateng Changnyeongpo ing Yeongwol ingkang terisolasi.[1] Dumugi sapunika Changnyeongpo namung saged kerambah mawi kapal. Danjong gesangipun melas sanget amargi dipunracuni déning mata-mata astana saking taun 1457 lan dipunmakamaken ing komplèk Jangneung.[1] Saben taun ing wulan April, masarakat Yeongwol ngawontenaken ritual pakurmatan kanggé ngurmati arwahipun.[7]

Papan pariwisata sanèsipun

  • Observatori Astronomi Byeolmaro
  • Musiyum Internasional Seni Kontemporer
  • Musiyum Seni Rakyat Joseon
  • Musiyum Buku Yeongwol
  • Insèktarium Yeongwol
  • Pasar tradhisional Deokpo
  • Pasar tradhisional Jucheon

Cathetan suku

Pranala njawi