Alas pagunungan

Alas pagunungan utawa alas montana (montane forest) iku formasi alas tropika teles sing dumadi ing wewengkon pagunungan. Salah siji ciriné, alas iki kerep dislimuti méga, lumrahé ing èlevasi dhuwur tajuk (kanopi)né. Wit-witan lan lemah ing alas iki kerep katutup déning lumut, sing thukul ngrembaka. Amarga saka iku, formasi alas iki uga dijenengaké alas lumut, alas kabut, utawa alas méga (cloud forest).

Alas montana ing Gunung Lushan, Cina kidul-wétan
Dhasar pagunungan sing kebak lumut ing Ceremai

Tabel perbandingan karakter patang formasi alas tropika teles.[1][2]

KarakterAlas dhataran cendhèkAlas submontanaAlas montanaAlas subalpin
Dhuwur tajuk25–45 m15–33 m1,5–18 m1,5–9 m
Dhuwur wit sembulan67 m45 m26 m15 m
Kelas ukuran godhongmesofilnotofil utawa mesofilmikrofilnanofil
Banir (oyod panopang)umum, gedhéora umum utawa ciliklumrahé ora anaora ana
Kaulifloriumumarangora anaora ana
Godhong majemukakèhanaarangora ana
Godhong panètèsakèhana utawa umumarang utawa ora anaora ana
Liana mawa kayuakèhlumrahé ora anaora anaora ana
Wit-witan ngrambatlumrahé akèhumum utawa akèharang bangetora ana
Anggrèk-anggrèkanumumakèhumumarang banget
Lumut lan likenanaana utawa akèhlumrahé akèhakèh

Agihan

Alas kabut di Taman Internasional la Amistad, Panama
Alas berkabut di Santa Elena, Costa Rica

Alas-alas pagunungan ana di nagara-nagara

Cathetan sikil

Pranala njaba