Arnold Schonberg

Arnold Schoenberg ya iku komponis sing lair ndhik Vienna Ostenrik tanggal 13 September 1874 lan séda ndhik Los Anggeles California tanggal 13 juli 1951.[1] Sadurungé umuré sangang taun, piyambaké nyusun lagu kanggo loro biala. Biasanipun piyambaké mainké kaliyan guruné utawi sepupuné.[2] Arnold iku komponis Austro-Hungaria.[3] Sakbibaré karya-karyané romantik awal kaya ta Nyanyian Gurra taun 1900 nganti 1911 Schoenberg ngubah aluré musik abad 20.[3] Wektu iku piyambaké ngerumusno metode 12 nada.[3] Komposisi sing atonal iki bakal kerasa kaya ngganjel lan aneh. Pemusik karo penyanyi sing ora biyasa bakal kangelan nggawakné musik atonal. Malah uga pamiyarsa bakal kangèlan ngemataké.[4] Karya-karyané sing raono nada lan wigati ya iku Lima Karya Okestra, Opus 16 taun 1909, lan Koserto Biola, Opus 36 taun 1934-1936.[3]

Wektu tawanipun Arnold Schoenberg

Cathetan suku