Bronx

The Bronx ya iku borough paling lor saka lima borough ing New York City. Borough iki uga, kanti jeneng Bronx County, wujud kang terakhir digabung marang praja New York saka 62 county. Mapan ing lor Manhattan lan Queens, lan kidul Westchester County, the Bronx wujud siji-sijiné borough kang mapan ing daratan Amérikah Sarékat.Tahun 2010, Biro Sensus ngira-ngira jumlah penduduk borough iki nalika 1 Juli 2009 nyandak 1.397.287 jiwa,[1] manggoni wewengkon kanti amba 42 mil pesagis (109 km2). Iki ndadèkaké Bronx minangka borough paling padat kaping papat, gedhé dhéwé kaping papat miturut luas daratan, lan paling dhuwur kaping telu miturut kepadatan penduduke.[2][3]

The Bronx
Borough of New York City
Bronx County
Sesanti: "Ne cede malis" (Jangan beri kesempatan kepada iblis)
The Bronx is shown in orange.
The Bronx is shown in orange.
NagaraAmérikah Sarékat
PrajaNew York
CountyBronx
KotaNew York City
Dibéntuk1898  (County taun 1914)
Pamaréntahan
 • JinisBorough (New York City)
 • Présidhèn BoroughRuben Diaz, Jr.
(Borough of the Bronx)
 • Jaksa DistrikRobert T. Johnson
(Bronx County)
Laladan
 • Gunggung150 km2 (57 sq mi)
 • Land110 km2 (42 sq mi)
 • Water40 km2 (15 sq mi)
Highest elevation90 m (280 ft)
Cacah warga (1 Juli 2009 (Biro Sensus Amérikah Sarékat))
 • Gunggung1.397.287
 • Pepadhet12,845/km2 (33.269/sq mi)
Zona wektuWaktu Standar Timur (Amérika Utara) (UTC-5)
 • Usum panas (DST)Waktu Mangsa Panas Timur (UTC-4)
Kode pos104 + dua digit
Kodhe laladan718, 347
Situs wèbSitus Web Resmi Presiden Borough Bronx

Cithakan:Borough di NYC

The Bronx dibelah déning Bronx River nganti laladan nggegunung ing kulon sacepake Manhattan, lan dataran East Bronx cepak karo Long Island. West Bronx dianeksasi marang New York City (banjur digabungake marang Manhattan) nalika 1874, lan wewengkon ing wétan Bronx River nalika 1895. The Bronx pertama éntuk status hukume nalika dadi borough Greater New York taun 1898. Bronx County, kanti wates kang pada kaya borough, kapisah saka New York County (banjur ngadeg bebarengan Borough of Manhattan) nalika 1 Januari 1914.[4] Sanajan the Bronx wujud county paling padat ketelu ing AS,[3] meh seprapate wewengkone wujud lapangan terbuka, kalebu Woodlawn Cemetery, Van Cortlandt Park, Pelham Bay Park, New York Botanical Garden lan Bronx Zoo ing laladan lor lan tengah borough, ing tanah kang dikhususake nalika akir abad kaping 19 minangka pembangunan perkotaan kang tumuwuh marang lor lan lan wétan Manhattan kanti pembangunan dalan, kreteg lan rel sepur.

Bronx River dijenengi jumbuh Jonas Bronck, pawongan pemukim awal saka Småland ing Swèdhen kang lemahe batesan karo kali ing wétan. Borough Bronx dijenegi jumbah karo kali mau kang biyene jenenge "Bronck's River". Indian Amérika Lenape (Delaware) karusir sawisé taun 1643 déning pendatang saka Walanda lan Britania Raya. Bronx éntuk akèh arus imigran Irlandia, Jerman, Yahudi lan Italia sawisé populasi pedésaane meledak antara pertengahan abad kaping 19 lan 20. Sajarah dewek diterusake sawisé 1945 déning Afrika Amérika lan Hispanik Amérika saka wewengkon Karibia - khususé Puerto Rico[5] lan Republik Dominika, uga ska Jamaika. Dalam beberapaSajrone pira-pira taun terakhir, percampuran budaya iki wis dadekake Bronx laladan subur kanggone musik Latin lan hip hop.

The Bronx duwé siji saka lima Distrik Konggrès paling miskin ing AS (dhistrik ke-16), nanging keragaman permukimane uga nyakup laladan Riverdale lan Country Club. The Bronx, khususne ing South Bronx, ngalami penurunan populasi, omah layak huni, lan kuwalitas urip kanthi tajem ing akir 1960-an dan 1970-an, saéngga ndadèkaké gelombang pencurian, nanging wis nuduhake tanda-tanda pemulihan ING taun-taun terakhir.[6]

Cathetan sikil

Pranala njaba