CIA World Factbook

CIA World Factbook (ISSN 1553-8133; ing Amérika Sarékat karan The World Factbook), iku sawijining publikasi taunan saka Central Intelligence Agency (CIA), badan intèlijen Amérika Sarékat. CIA World Factbook (dicekak Factbook waé) isi data-data almanak ngenani nagara-nagara ing donya. Ing njeroné ana ringkesan 2-3 kaca bab masalah demografi, géografi, komunikasi, papréntahan, ékonomi lan militèr saka 268 nagara utawa dependensi sing diakoni déning Amérika Sarékat.

Cover CIA World Factbook 2007 (edisi pamaréntah).
Edisi online saka Factbook, Fèbruari 2007.

Tujuan utama saka panulisan buku iki ya iku kanggo nyadiakaké informasi marang para punggawa pamaréntah Amérika Sarékat. Nanging, Factbook uga kerep kanggo sumber utawa referensi déning mahasiswa, pelajar, utawa publikasi-publikasi liyané. Amarga wujud karya punggawa pamaréntah AS, Factbook dumunung ing domain umum (public domain).

Sumber-sumber Factbook

Sajeroning nyusun factbook, CIA migunakaké manéka warna sumber, antarané

  • Program Informasi Antartika, National Science Foundation
  • Pusat Intelijen Medis Angkatan Bersenjata, Departemen Pertahanan AS
  • Biro Sensus Amérika Sarékat, Departemen Perdagangan AS
  • Biro Statistik Tenaga Kerja, Departemen Tenaga Kerja AS
  • Central Intelligence Agency (CIA)
  • Dewan Manajer Program Antartika Nasional AS
  • Agen Intelijen Pertahanan, Departemen Pertahanan AS
  • Departemen Energi AS
  • Departemen Luar Negeri AS
  • Jasa Perikanan lan Lingkungan Hidup, Departemen Dalam Negeri AS
  • Administrasi Kelautan, Departemen Transportasi AS
  • Agen Intelijen Geo-Spasial Nasional, Departemen Pertahanan AS
  • Komando Teknik Fasilitas Kelautan, Departemen Pertahanan AS
  • Kantor Urusan Pulau-pulau, Departemen Dalam Negeri AS
  • Kantor Intelijen Laut, Departemen Pertahanan AS
  • Badan Penamaan Daerah Géografi AS, Departemen Dalam Negeri AS
  • Komando Transportasi Amérika Sarékat, Departemen Pertahanan AS
  • Jurnal Gas dan Minyak

Lan uga migunakaké sumber-sumber publik utawa swasta liyané.

Hak cipta

Factbook dumunung ing domain umum. Amarga saka iku, sapa waé duwé hak kanggo nyebaraké, nyalin utawa ngowahi isiné. Sanajan mangkono, CIA nyuwun supaya jeneng Factbook disebutaké yèn dikutip isiné. Amarga dumunung ing domain umum, akèh website lan buku sing migunakaké informasi lan gambar saka Factbook.

Kacumepakan

Edhisi cithak Factbook sumadya sajeroning rong jinis, ya iku edhisi pamaréntah lan edhisi cithak saka Potomac Books Inc.. Edhisi online saka Factbook uga sumadya ing internet. Factbook uga tau dipublikasèkaké sajeroning wangun CD-ROM, kaset tapé, microfiche, lan disket.

Sadurungé taun 2001, Factbook dianyaraké saben taun. Lumrahé edhisi paling anyar diterbitaké saben tanggal 1 Januari. Wiwit taun 2001, CIA nganyaraké edhisi online Factbook saben rong minggu. Edhisi cithak tetep dianyaraké saben 1 taun.

Pranala njaba