Dhistrik ing Israèl

Ing Israèl ana enem dhistrik utama sing ing basa Ibrani diarani mehozot (מחוזות; tunggal: mahoz) lan 15 sub-dhistrik sing diarani nafot (נפות; tunggal: nafa). Saben sub-dhistrik dipérang manèh dadi wewengkon alami sing cacahé ana 50.

Péta pamérangan dhistrik ing Israèl

Sub dhistrik Golan mèlu dikatutaké, semono uga Yerusalem Wétan awit tlatah-tlatah iki wis dicaplok Israèl lan undhang-undhang Israèl berlaku ing kono sanadyan oran diakoni déning komunitas internasional. Kosok baliné Gisik Wétan utawa diarani Yudea lan Samaria, ora mèlu dikatutaké amarga tlatah iki ora dicaplok Israèl lan undhang-undhang Israèl ora berlaku ing kono.

Dhistrik Yerusalem

Dhistrik Yerusalem (Mahoz Yerushalayim).

Kutha krajan dhistrik: Yerusalem

Dhistrik Lor

Dhistrik Lor (Mahoz HaTzafon).

Kutha krajan dhistrik: Nazareth

  • Zefat (sub-dhistrik)
  • Kinneret (sub-dhistrik)
  • Yizre'el (sub-dhistrik)
  • Akko (sub-dhistrik)
  • Golan (sub-dhistrik)

Dhistrik Haifa

Dhistrik Haifa (Mahoz Hefa).

Kutha krajan dhistrik: Haifa

  • Haifa (sub-dhistrik)
  • Hadera (sub-dhistrik)

Dhistrik Tengah

Dhistrik Tengah (Mahoz HaMerkaz).

Kutha krajan dhistrik: Ramla

  • Sharon (sub-dhistrik)
  • Petah Tiqwa (sub-dhistrik)
  • Ramla (sub-dhistrik)
  • Rehovot (sub-dhistrik)

Dhistrik Tel Aviv

Dhistrik Tel Aviv (Mahoz Tel-Aviv).

Kutha krajan dhistrik: Tel Aviv

Dhistrik Kidul

Dhistrik Kidul (Mahoz HaDarom).

Kutha krajan dhistrik: Beersheba