Dhuyung

Dhuyung iku makluk banyu sing sirah lan awaké wujud manungsa wadon lan buntuté wujud iwak[1]. Dhuyung jedhul ana ing akèh dongèng ing budaya saindenging donya kalebu ing Wétan Cedhak, Éropah, Afrika, lan Asia. Carita dhuyung ingkang kapisan mijil ana ing Suriah kuna. Ing carita iki, wujudé dèwi Atargatis malih dadi dhuyung amarga isin uwis matèni manungsa kang ditrésnani èwadènè ora njarag. Dhuyung kadhang digayutakè karo prastawa sing bebayani kaya ta banjir, prahara, kapal kèrem, lan kèlem. Ing tradhisi dongèng liyanè utawa kadhangkala uga ing tradhisi iki, dhuyung bisa dadi kesawaban, kastawan, utawa katrésnan marang manungsa.

Reca dhuyung saknjaba Guild of Students, Universitas Birmingham, Inggris. Déning William Bloye. Difoto tanggal 21 Fèbruari 2007. Oosoom 13:04, 

Rujukan