Florès

pulo ing Indonésia

Florès yaiku jeneng pulo ing Provinsi Nusa Tenggara Wétan.[1] Jeneng Florès kadhapuk saka basa Portugis yaiku Copa de Flores kang ateges Tanjung Kembang.[2] Jeneng iki diresmèkaké wiwit taun 1636 déning Gubernur-Jendral Hindhia-Walanda Hendrik Brouwer.[2] Florès dhéwé duwé jeneng asli yaiku Nusa Nipa ateges Pulo Ula.[2] Florès kalebu gugusan Kapuloan Sundha Cilik bebarengan karo Bali lan Nusa Tenggara Barat kang ambané watara 14.300 km2.[1] Pulo Florès, Pulo Timor, Pulo Sumba lan Kapuloan Alor kalebu pulo kang gedhé dhéwé ning Provinsi Nusa Tenggara Wétan, salah sijining kapuloan ing Indonésia dumadi saka 566 pulo.[1]Pulo iki kapérang dadi 8 kabupatèn.[2] Kabupatèn Florès Wétan kutha krajané ing Larantuka ana ing sisih pojok wétan, déné kabupatèn Manggarai Kulon kutha krajané ing Labuan Bajo ana ing sisih pojok kulon.[2]

Pulo Florès
Topografi ing Florès.

Deleng uga

Cathetan suku