Jago
Pitik jago yaiku sebutan kanggo pitik (Gallus gallus) diwasa kang lanang. Déné pitik wadon diarani babon.
Pitik jago duwé awak kang bedha lan ora tinemu ing pitik babon utawa kuthuk. Ciri iku mau ana nalika pitik lanang wis diwasa, kaya ta:
- Jengger kang luwih dawa/gedhé tinimbang babon
- Nduwéni lancur, yaiku wulu buntut kang dawa
- Nduwéni jalu, yaiku pérangan lancip kaya balung utawa kuku kang thukul ing sikil
- Bisa kluruk
Jago duwé sipat poligami, yaiku lanang siji kang bisa ngayahi pira-pira babon, nanging ora bisa angkrem. Nalikane awan, racaké pitik jago methangkring ana ing papan kang dhuwur sacerake papanbabon padha angkrem, ngawasake sakiwa tengene lan bakal ngetokaké suwara pratandha manawa ana bebaya.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra