Kim Hee Sun
Kim Hee-sun (Koréa.[1]Dhèwèké sempet nempuh pandidikan ning donya drama ning Chung-Ang University.[1]Dhèwèké iku garwa saka Park Ju Young lan wis duwé anak wadon siji.[1]Saiki dhèwèké manggon ning Seoul lan kondhang dadu model lan presenter.[1]
Fèbruari 25, 1977 ) iku aktrisKim Hee-sun | |
---|---|
Lair | Daegu, South Koréa | Fèbruari 25, 1977
Jeneng liya | Hee-seon Kim |
Pakaryan | Actress |
Taun aktif | 1994–saiki |
Bojo | Park Ju-young |
Jeneng Koréa | |
Hangul | 김희선 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Gim Hui-seon |
McCune–Reischauer | Kim Hŭi-sŏn |
Karir
Wanita kang duwé dhuwur 168 cm iki wiwit metu ning televisi nalika dhèwèké ning umur 11 taun.[1]Dhèwèké miwiti karir ning donya perfileman ning taun 1997 ning filem kang judhulé Repechage bebarengan karo Jang Dong-gun kang dadi lawan mainé.[1]Sawisé sukses ning filem kaping pisané, sutradara Lee Kwang-hoon miwiti karir lan ngajak kanggo mainaké filem taun 1999 kang judhuléGhost in Love.[1]Aktingé kang paling apik ya iku ning filem kang digarap ning Cina kang judhulé Bichunmoo lan sawisé dirilis ning taun 2000.[1]Meski aktingé ning filem mau sempet olih kritikan.[1]Nanging, filem mau anggawe dhèwèké kondhang ning luwar nagari lan mancanagara.[1]Luwih saka, amarga dhèwèké dadi artis nomer siji ning Nagara liyané, kaya ta Cina, Hong Kong,Taiwan, lan nagara-nagara liyané.[1]
Ing pungkasan taun 2001, Kim mainaké peran kang béda karo filem-filem sadurungé.[1]Dhèwèké akiré motong cekak rambuté lan mainaké tokoh animasi Wanee and Junah.[1]Ning taun 2003, dhèwèké mainaké peran bebarengan karo Shin Ha-Kyun ning filem kang judhulé A Man Who Went to Marsgarapan sutradara Kim Jung-kwon,sutradara filem kang judhulé judhul Ditto.[1]Dhèwèké uga kondhang dadi “first beauty of South Koréa”.[1]Ning taun 2005, dhèwèké dolanan bebarengan karo Jackie Chan dadi Korean Princess ning The Mith.[1]Karo mbintangi iklan Samsung, nganti saiki Kim wis ngeraup panghasilan kang kira-kira nganti tujuh juta Dollar Amérika.[1]Ning taun 2010, Dhèwèké mbintangi fil epic perang China kang judhulé WARRING STATES.[2]Ning filem iku dhèwèké bakal main bebarengan karo Sun Honglei.[2]
Filmografi
Film-filem kang tau dibintangi Kim Hee Sun[1]:
- 2006 Smile Again
- 2005 The Myth
- 2003 A Man Who Went to Mars
- 2001 Wanee & Junah
- 2000 Bichunmoo
- 1999 Tomato
- 1998 Wedding Dress
- 1997 Repechage
- 1996 Faraway Country Sauna Guys
- 1995 The Son of the Wind
- 1994 SBS Agatha Christie
Bebungah
Bebungah déning Kim Hee Sun[1]:
- 2001 Blue Dragon Film Award (Most Popular Actress)
- 2000 SBS Drama Awards (Popularity Award)
- 1999 Mar. Honorary Ambassador of Goodwill to France
- 1998 Dec.SBS Drama Awards "Grand Prize" Receive
- 1997 Dec. KBS Drama Awards "Popularity Award"
- 1996 Dec. KBS Drama Awards "Top Excellence Award"
- 1995 Dec. Performance Awards "Budding Actress Award