Kimi Räikkönen

tilas juru balap mobil Finlan

Kimi-Matias Räikkönen (alias Kimi Räikkönen, miyos wonten ing Espoo, Finlan, tanggal 17 Oktober 1979), punika juru mudhi mobil Formula 1 saking Finlan, sapunika piyambakipun guyup sareng tim Alfa Romeo-Sauber. Sadèrèngipun Kimi guyup sareng McLaren taun 2002-2006, Ferrari 2007-2009, Lotus Renault 2012-2013, lan wangsul malih dhateng Ferrari kaping kalihé ing taun 2014-2018. Kimi miwiti debutipun ing F1 taun 2001 sareng tim Sauber-Petronas. Sapunika sampun mimpangaken gelar juwara donya taun 2007 sareng Ferrari. Kamenangan sepisan ing F1 dipun gayuh ing GP Malaysia 2003 ing hawa kang bentèripun ngantos 40 drajat celcius Kimi kanthi kalem mahargyakaken menangipun kanthi salimrahipun, pramila saking kadadosan kasebat Kimi angsal peparab The Iceman. Réncang satimipun ing Ferrari inggih punika Felipe Massa, Fernando Alonso, lang kang pungkasan Sebastian Vettel.

Kimi Matias Räikkönen
Barkas:File:F12019 Schloss Gabelhofen (22) (cropped).jpg
Kimi Raikkonen 2019
MiyosKimi-Matias Räikkönnen
(1979-10-17) Oktober 17, 1979 (umur 44)
Finlan Espoo, Finlan
Nami sanèsKimi Räikkönen, Kimster
Aktif ing F12001-wekdal punika
TimSauber-Petronas (2001)
McLaren-Mercedes (2002-06)
Ferrari (2007-…)
Balapan pisananGP Ostrali 2001
Menang pisananGP Malaysia 2003
Jawara donyakaping 1 (2007)
Situs resmi
Kimi Räikkönen (2019)

Cathetan prestasi

Mangsa ka mangsa

  • 1999: Gokart Formula A Éropa – kaping dua
  • 2000: Formula Renault – jawara umum
  • 2001: Formula 1 – Sauber-Petronas (9 poin – kaping 10)
  • 2002: Formula 1 – McLaren-Mercedes (24 poin – kaping 6)
  • 2003: Formula 1 – McLaren-Mercedes (91 poin – kaping 2)
  • 2004: Formula 1 – McLaren-Mercedes (45 poin – kaping 7)
  • 2005: Formula 1 – McLaren-Mercedes (112 poin – kaping 2)
  • 2006: Formula 1 – McLaren-Mercedes (65 poin – kaping 5)
  • 2007: Formula 1 – Ferrari (110 poin – juara donya)
  • 2008: Formula 1 – Scudèria Ferrari (75 poin – kaping 3)
  • 2009: Formula 1 – Scudèria Ferrari
  • 2012: Formula 1 – Lotus Renault
  • 2013: Formula 1 – Lotus Renault
  • 2014: Formula 1 – Scudèria Ferrari
  • 2015: Formula 1 – Scudèria Ferrari

F1 Racing MOTY Awards

  • 2001: Rookie of the Year[1]
  • 2002: Overtake Action of the Year[2]
  • 2004: Drive of the Year[3]
  • 2005: Drive of the Year, Driver of the Year[4]
  • 2006: Overtake Action of the Year
  • 2007: Start of the Year

Catatan

Pranala njawi