Lindhu

   

Lindhu yaiku kedadèn getaran ing lumahing bumi sing dijalari anané obahing lèmpèng tektonik ing kerak bumi utawa sebab-sebab liya. Lindhu iki sajatiné saben wektu kedadèn ing bumi nanging sapérangan skala getarané cilik banget nganti ora krasa, nanging nèk diukur nganggo piranti ukur lindhu seismograf, getaran iki bisa diukur.

Pusat-punjer lindhu ing saindhenging donya, 1963–1998

Pangukuran skala getaran lindhu iku diukur miturut skala Richter sing ètungan skalané antara 1 nganti 9. Saliyané skala Richter, lindhu uga bisa diukur nganggo skala Mercalli.

Jinis lindhu

Pratélan lindhu

Lindhu sing gedhé dhéwé sing kacathet ing jaman modhèren saiki yaiku lindhu ing Chili taun 1960, iku nganti 9,5 skala Richter.

No.EnggonTaunSkala (Richter)Koordinat
1Chili19609.5-38.24 -73.05
2Prince William Sound, Alaska19649.261.06 -147.65
3Lepas pasisir kulon Sumatra, Indonésia20049.03.30 95.78
4Kamchatka19529.052.76 160.06
5Lepas pasisir Ekuador19068.81.0 -81.5
6Sumatra Lor, Indonésia20058.72.08 97.01
7Pulo Rat, Alaska19658.751.21 178.50
8Kepuloan Andreanof, Alaska19578.651.56 -175.39
9Assam, Tibet19508.628.5 96.5
10Kapuloan Kuril19638.544.9 149.6
11Laut Banda, Indonésia19388.5-5.05 131.62
12Wewatesan Chili lan Argentina19228.5-28.55 -70.50

Tata ngadhepi lindhu

  1. Tenang.
  2. Metu ngati-ati.
  3. Tunggu prentah saka badan resmi kaya ta BMKG lan liyane.

Pranala njaba