Mesin gim

Mesin gim yaiku kerangka piranti lunak sing dirancang utamané kanggo ngembangaké gim video sing umumé wis ana pustaka saha program pandhukung ing jeroné. [1] Aran "mesin" ing istilah iki padha karo istilah " mesin piranti lunak" sing digunakaké ing industri piranti lunak .

Mesin gim uga bisa diartiaké piranti lunak pangembangan kang migunaaké kerangka iki, biasane nyediaaké werna-werna perkakas saha fitur kanggo ngembangaké gim [2] [3]

Pangembang bisa nggunakaké mesin gim kanggo nggawé gim Konsol uga gim kanggo jinis komputer liyané. Piguna inti sing biasané ana ing mesin gim kaya ta mesin render kanggo grafis 2D utawa 3D, mesin fisika utawa deteksi tabrakan (lan respon tabrakan), swara, koding, animasi, kacerdhasan gawéyan, jaringan, streaming, manajemen memori, threading, dhukungan lokalisasi, grafik pemandangan, saha dhukungan kanggo video sinematik . Naraguna mesin gim asring ngirit ing proses pangembangan game kanthi nggunakaké maneh/modifikasi ing akeh bageyan, mesin gim sing padha kanggo ngasilaké gim sing beda [4] utawa kanggo ngrewangi porting game menyang werna-werna platform.