Montor mabur

Montor mabur iku kendharaan kang bisa mabur ing atmosfer utawa udara.[1][2][3][4]

Montor mabur eksperimental NASA.

Sajarah

Montor mabur kang luwih abot saka udara diburaké pisanan déning Wright Sasedulur (Orville Wright lan Wilbur Wright) kanthi migunakaké montor mabur rancangané dhéwé kang dijenengi Flyer kang diluncurké taun 1903 ing Amérika Sarékat. Saliyané Wright sasedulur, kacathet sapérangan panemu montor mabur liya kang nemu montor mabur, antarané Samuel F Cody kang nglakokaké aksiné ing lapangan Fanborough, Inggris taun 1910. Éwadéné kanggo montor mabur kang luwih ènthèng saka udara wis mabur adoh sadurungé. Panerbangan pisanan kanthi migunakaké balon udara panas kang tinemu sawijining wong kabangsan Prancis kang jenengé Joseph Montgolfier lan Etiene Montgolfier dumadi nalika taun 1782, nuli disampurnakaké déning wong Jerman kang jenengé Ferdinand von Zeppelin kanthi modhifikasi balon wangun cerutu kang dipigunakaké kanggo nggawa penumpang lan barang nalika taun 1900. Ing taun taun sabanjuré, balon Zeppelin nguwasani pangangkutan udara nganti musibah kapal Zeppelin ing lelampahan trans-Atlantik ing New Jersey 1936 kang nengeri akiré era Zeppelin sanajan isih dipigunakaké nyeraksi Perang Donya II. Sawisé jaman Wright, montor mabur akèh ngalami modhifikasi, saka rancang bangun, wangun lan mesin montor mabur kanggo nyukupi kabutuhan transportasi udara.

Motor mabur perang A V-22 Osprey

Pirsanana uga

  • Pamrodhuksi montor mabur
  • Jinis montor mabur suksès
  • Pratélan kacilakan montor mabur penumpang
  • Pameran Kedirgantaraan
  • Papan panyimpenan akir montor mabur udara

Rujukan