Niš

Niš (basa Serbia: Ниш / Niš, IPA: [niːʃ], Ngenani wuni iki rungokna ) iku kutha ing Serbia dumunung ing koordinat 43.3° N 21.9° E, ana ing pinggir Kali Nišava. Kanthi sing ndunungi kang cacahé 260,237[1] jiwa kutha iki minangka kutha gedhé dhéwé ing Serbia Kidul lan kutha gedhé dhéwé nomer telu ing Serbia sawisé Beograd lan Novi Sad. Jembaré kutha iki watara 597 km2, kalebu kutha Niš dhéwé, Niška Banja spa lan 68 tlatah pinggiran (suburb). ''Niš Constantine the Great Airport'' (Аеродром Константин Велики) ing minangka papan anggegana international ing Niš kanthi kodhe tujuan INI. Niš dadi pusat adminidtrasi ing Distrik Nišava ing Serbia.Dumunung ing simpang dalan antarané Balkan lan dalan-dalan gedhé Éropa, nyambungaké Asia Minor menyang Éropa, Niš dadi salah siji kutha kang tuwa dhéwé ing Balkan, lan wis wiwit jaman kuna dianggep gapura antara Wétan lan Kulon. Niš dadi papan panggonan Greja Serbia kang tuwa dhéwé yaiku saka abad angka 4 kang dumunung ing laladan pinggiran Mediana [2]. Niš uga kawentar minangka panggonan kelairan Konstantin kang Agung, Kaisar Romawi Kristen kapisan lan kang ngadegaké Konstantinopel [3]. Kutha iki uga dadi panggonan klairané loro kaisar Romawi liyané, yaiku Constantius III lan Justin I.

Kutha Niš
Град Ниш
Flag of Kutha Niš
Flag
Coat of arms of Kutha Niš
Coat of arms
Lokasi Niš ing Serbia
Lokasi Niš ing Serbia
Lokasi Niš ing Serbia
Coordinates: 43°18′N 21°54′E / 43.300°N 21.900°E / 43.300; 21.900
Nagara Serbia
Distrik Nišava
Munisipalitas5
Government
 - WalikuthaSmiljko Kostić (NS)
 - Parté kuwasaDSS/G17+/NS/SPO/SPS
Jembar wewengkon
 - Total597 km² (230,5 sq mi)
Populasi (2002)[2]
 - Total260 237[1]
 - Kapadhetan420/km² (1.087,8/sq mi)
Zona wektuCET (UTC+1)
 - Summer (DST)CEST (UTC0)
Kodhe pos 18000
Area code(s)(+381) 18
Plat montorNI
Website: City of Niš
Alun-alun
Munisipalitas Niš

Niš iku pusat universitas. Ana watara 30,000 mahasiswa ing Universitas Niš, kang duwèni 13 facultas. Niš uga salah siji pusat indhustri kang wigati ing Serbia, pusat indhustri èlèktronika (delengen Elektronska Industrija Niš), indhustri mesin mekanikal, tekstil lan tembako.

Géografi lan iklim

Niš dumunung ing koordinat 43°19' lintang lor lan 21°54' bujur wétan, ing lembah Nišava, cedhak papan patemon kali Južna Morava. Ing kutha Niš iki, dalan gedhé saka sisih lor menyang lembah Kali Morava kapecah dadi loro:-arah mangidul, tumuju kutha Thessalonica lan Atena,-lan arah mangétan, tumuju menyang Sofia lan Istambul, lan luwih adoh manèh tumuju menyang tlatah "Wétan Cedhak" (Near East). Tlatah tengah kutha dumunung ana ing elevasi 194m sakdhuwuré sagara. Titik kang paling dhuwur yaiku ing Sokolov kamen (Falcon's rock) ing Gunung Suva Planina (1523m), déné tlatah kang paling cendhèk yaiku ing Trupale, cedhak sungapan Kali Nišava (173m). Jembar wewengkon kutha yaiku 596.71 km².

Iklim ing tlatah Niš iku wujud iklim sedhengan moderate lan continental, kanthi rata-rata suhu 11.2 °C. Sasi Juli minangka sasi kang paling anget sajeroning sataun, kanthi suhu rata-rata 21.2 °C. Sasi kang paling anyep yaiku sasi Januari, kanthi suhu rata-rata 0.2 °C. Rata-rata curah udan taunan yaiku 567.25 mm/m². The rata-rata barometer 992.74 mb. Ana 123 dina kang mawa udan lan 43 dina mawa salju. Rata-rata kacepetan angin sangisoré 3 Beaufort.

Panggonan mawa sajarah

  • Skull Tower-Menara kang digawé saka tengkorak wong Serbia.
  • Niš Fortress-Bèntèng Turki ing tengah kutha.
  • Mediana-Situs arkéologi, vila kakaisaran Romawi.
  • Tinkers Alley-Conto arsitèktur asli jaman Ottoman.
  • Crveni Krst concentration camp-Kam konsèntrasi kang diwangun déning Jerman ing Perang Donya II.
  • Bubanj-Monumen gugré para pejuang Yugoslavia ing Perang Donya II.

Kaisar Romawi

Telu kaisar Romawi lair ing kutha iki:

  • Constantine I, kang agung, (Flavius Valerius Aurelius Constantinus)--kuwasa taun 306 nganti 337.
  • Constantius III, (Flavius Constantius)--kuwasa taun 421.
  • Justin I, (Flavius Iustinus)--kuwasa taun 518 nganti 527.

Populasi miturut sajarah

  • 1900: 24,573
  • 1905: 21,946
  • 1910: 24,949
  • 1921: 28,625
  • 1931: 35,465
  • 1941: 44,800[butuh sitiran] (estimate)
  • 1948: 49,332 (109,280)*
  • 1953: 58,656 (122,100)*
  • 1961: 81,250 (148,354)*
  • 1971: 127,654 (195,362)*
  • 1981: 161,376 (232,563)*
  • 1991: 173,250 (245,182)*
  • 2002: 173,724 (250,518)*
  • 2008: 182,209 (263,478)* (estimate)

()*-populasi mitururt tapel wates kutha saiki.

Dhémografi

Isih ana sawatara pasulayan bab cacahé populasi, awit éwon pangungsi Kosovo kang kanthi resmi dudu sing ndunungi kutha iki, nanging manggon ing kana karo kaluwargané.

Golongan ètnik ing tlatah Munisipal (Sensus 2002)
Golongan ètnisPopulasi
Serbs235,657
Roma5,687
Montenegrins846
Bulgarians799
Macedonians715
Yugoslavs664
Croats417
Others5,733
TOTAL250,518
Golongan ètnik ing tlatah kutha (Sensus 2002)
Golongan ètnisPopulasi
Serbs162,380
Roma4,461
Montenegrins747
Bulgarians679
Macedonians715
Yugoslavs601
Croats379
Others3,872
TOTAL173,724

Ékonomi

Niš minangka kutha administratif, indhustri, komersial, kauangan lan pusat budaya ing pérangan kidul-wétan Republik Serbia. Posisi Niš wigati amarga dumunung ana ing simpang dalan saka Éropa lan jaringan rèl sepur kang ngubungaké Éropa karo Asia. Niš gampang ditekani, kanthi anané papan anggegana-Konstantin kang Agung.

Turisme

Panggonan Turis

  • Skull Tower (Serbian: Ћеле Кула, Ćele Kula)-Monument kanggo Pejuang Serbia abad angka 19. Dumunung ing Bulevar Zoran Djindjić, ing dalan Konstantinopel lawas tumuju kutha Sofia.
  • Čegar-Papan tilas pertempuran Bukit Cegar tanggal 19 Mèi, 1809.
  • Kam konsèntrasi-Salah siji kam kunjara NAZI Jerman ing Éropa kang isih wutuh. Dumunung ing Bulevar 12.Fèbruari.

Arsitèktur

Wangunan ing Niš terus dibangun. Niš iku kutha gedhé dhéwé nomer loro sawisé Beograd yèn disawang saka anané gedhong dhuwur. Hotèl Ambasador minangka gedhong kang gedhé dhéwé ing Serbia nanging uga ana gedhong gedhé liyané kaya déné TV5.

Informasi Turis

  • Organisasi Turis Nis duwé loro pusat informasi turis, siji ing Nis yaiku ing dalan Vozda Karađorđa nomer 7, lan liyané ana ing Niska Banja yaiku ing dalan Sinđelićeva 3b.

Pamérangan administratif

kutha Niš dumadi saka lima munisipalitas:

  1. Medijana
  2. Palilula
  3. Pasisirlej
  4. Crveni Krst
  5. Niška Banja

Papat kang pisanan dumunung ing tlatah kutha Niš, déné Niška Banja ing tlatah pinggiran. Sadurungé taun 2002, kutha Niš mung duwé loro munisipalitia, yaiku "Niš" lan "Niška Banja".

Munisipalitas Niš kalebu pamukiman-pamukiman:

Medijana   Palilula   Pasisirlej   Crveni Krst   Niška Banja   
CenterPalilulaPasisirlejCrveni KrstNiška Banja
MargerStaro GrobljeJagodin Mala (partly)Beograd Malanas. Nikola Tesla (broj 6)
Trg Kralja AleksandraCrni PutDurlanJagodin Mala (partly)Jelašnica
KičevoBubanjKomren (partly)Komren (mostly)Sićevo
ČairLedena StenaČalijeŠljakaOstrovica
Bulevar NemanjicaDelijski VisSomborskaMedosevacPrva Kutina
Bulevar DjindjicaApelovacVrežina Radikina Bara
MedijanaKovanluk  Prosek
TrošarinaTutunović Podrum  Čukljenik
DuvaništeKalač Brdo  Donja i gornja Studena
Brzi Brod    

Media lokal

Stasiun radio

Stasiun TV

LSM

Koran

  • Narodne Novine [23] (BUL)

Kutha kembar

Niš duwé kerjasama kutha kembar karo:

Other forms of cooperation and city friendship similar to the twin city programmes:

Rujukan

Pranala njaba