Beograd

Beograd (basa Serbia: Београд) yaiku kutha krajan sisan kutha krajan budaya lan pendhidhikan, kutha krajan science lan ékonomi uga dadi kutha kang gedhé dhéwé dhéwé ing nagara Serbia (wiwit 2006), Serbia lan Montenegro (2003-2006) lan Yugoslavia (1918-2003). Kutha iki ambané watara 359,96 km² lan populasi kurang luwih 1,yuta jiwa. Dumunung ana ing tlatah sisih kidul wétan Éropah, yaiku ana ing Ujung Balkan. Ing kutha Beograd iki Kali Danub utawa Kali Donau kang mili saka Éropah Kulon ketemu karo Kali Sava kang mili saka kulon, kang ngliwati Bosnia Herzegovina. Mayoritas kang ndunungi yaiku bangsa Serbia kang agamané Kristen Orthodox. Basa kang dipigunaaké yaiku basa Serbia (Serbski) kanthi abjad Cirilyc.Dhuwit resminé dinar (dinara), nanging dhuwit Euro lan DM uga kanggo piranti pembayaran kang katampa ing sawenèh panggonan. Kodhe Aréa telepon kanggo telepon domestik yaiku 011 lan kanggo internasional ++381-11.

Kutha Beograd
Град Београд
Grad Beograd
Saka kiwa dhuwur: Novi Beograd kulon kanthi Genex Tower, Katedral Saint Sava lan monumèn Karađorđe ing sangarepé, Yugoslav Drama Theatre lan Beograđanka ing sisih tengen, lan kreteg Sava.
Saka kiwa dhuwur: Novi Beograd kulon kanthi Genex Tower, Katedral Saint Sava lan monumèn Karađorđe ing sangarepé, Yugoslav Drama Theatre lan Beograđanka ing sisih tengen, lan kreteg Sava.
Gendéra Kutha Beograd
Gendéra
Coat of arms of Kutha Beograd
Lambang
Lokasi Beograd ing Serbia
Lokasi Beograd ing Serbia
Nagara Serbia
DistrkKutha Beograd
Munisipal17
Diadegaké279 B.C.
Dhasar kukum150 A.D.
Nyawiji1918
Pamaréntahan
 • WaikuthaDragan Đilas (DS)
 • Wakil WalikuthaMilan Krkobabić (PUPS)
 • Parté kang kuwasaParté Dhémokrat Serbia/G17+/Parté Sosialis Serbia (SPS)-Parté Persatuan Pensiunan Serbia (PUPS) Parté Liberal Democrat Serbia (LDP)
 • Dhéwan kutha
Laladan[1]
 • Urban359,96 km2 (13,898 sq mi)
 • Métro3.222,68 km2 (124,428 sq mi)
Élepasi[2]117 m (384 ft)
Cacah warga (2007)[3]
 • City1,281,801
 • Pepadhet506/km2 (1,310/sq mi)
 • Urban density3.283/km2 (8,500/sq mi)
 • Métro1,710,000
 • DemonymBelgrader
Zona wektuCET (UTC+1)
 • Usum panas (DST)CEST (UTC+2)
Kodhe pos11000
Kodhe laladan(+381) 11
Car platesBG
Situs wèbwww.beograd.rs
Sesawangan kutha Beograd
Beograd Baru
Penaklukan Beograd ing taun 1456

Géografi

Beograd dumunung ing 116,75 meter (383 kaki) sadhuwuring lumahé sagara lan ing patemon antara Kali Danube lan Kali Sava, ing koordinat 44°49'14" Lor, 20°27'44" Wétan. Inti sajarah Beograd,yaiku bètèng Kalemegdan, dumunung ing gisil tengen kali. Wiwit abad kaping- 19, kutha iki wis mekar mangidul lan mangétan, lan sawisé Perang Donya II, Beograd Anyar diyasa ing gisil kulon Kali Sava, nyambungaké kutha Beograd karo Zemun.

Iklim

Beograd duwé iklim kontinental kang moderat kanthi patang mangsa. Suhu rata-rata 11,7 °C (53,1 °F), lan sasi kang paling panas yaiku sasi Juli.

Papréntahan

The Old Palace, seat of City Assembly

Beograd iku tlatah kapisah ing Serbia, kanthi kakuwasan otonom. Walikutha saiki yaiku Dragan Đilas saka Parté Democratik. Walikutha pisanan kang kapilih kanthi dhémokratis sawisé Perang Donya II yaiku Zoran Đinđić, ing taun1996.

Dhéwan Kutha Beograd duwé anggota 110 kang dipilih kanggo mangsa patang taun. Parté-parté mayoritas yaiku Parté Dhémokratik-G17 Plus lan Socialist Party of Serbia-Party of United Pensioners of Serbia kanthi panjurung Liberal Democratic Party), and in similar proportions, with the Serbian Radical Party lan Democratic Party of Serbia-New Serbia minangka parté oposisi.[4]

Minangka kutha krajan, Beograd uga dadi panggonan Dhéwan Nasional Serbia, pamaréntah Serbia lan badan-badan liyané, lan 64 kadutaan nagara manca.

Munisipalitas

Kutha iki kapérang dadi 17 munisipalitas.

NameArea (km²)Population (1991)Population (2002)
Barajevo21320,84624,641
Čukarica156150,257168,508
Grocka28965,73575,466
Lazarevac38457,84858,511
Mladenovac33954,51752,490
Novi Beograd41218,633217,773
Obrenovac41167,65470,975
Palilula451150,208155,902
Rakovica3196,30099,000
Savski Venac1445,96142,505
Sopot27119,97720,390
Stari Grad568,55255,543
Surčin28552,00054,000
Voždovac148156,373151,768
Vračar367,43858,386
Zemun154176,158136,645
Zvezdara32135,694132,621
TOTAL32271,552,1511,576,124
Source: Statistical Office of Serbia
Panorama New Belgrade ing sebrangé Kali Sava dideleng saka bètèng Kalemegdan.

Dhémografi

Miturut sènsus taun 2002, golongan populasi utama ing Beograd yaiku: Wong Serbia (1,417,187), Yugoslavia (22,161), Wong Montenegro (21,190), Wong Romani (19,191), Wong Kroasia (10,381), Wong Macedonia (8,372), lan Muslim (4,617).[5]

Wisata

  • Skadarlija
  • Musiyum lan Teater Nasional
  • Zemun
  • Nikola Pašić Square
  • Terazije
  • Benteng Kalemegdan
  • Prince Michael Street
  • Gedhung Parlemèn
  • Kuil Saint Sava
  • Avala Monument
  • Musoleum Tito

Rujukan

Sumber

  • Belgrade, by Slobodan Gulmac, Jugoslavenska Revija, 1989 ISBN 86-7413-046-1
  • Yugoslavia, Jugoslavenska Revija,1990, ISBN 86-7413-066-6
  • Yugoslavia, Jugoslavenska Revija, 1990, ISBN 7413-054-2

Deleng uga

Pranala njaba