Niagara

grojogan ing Kanada

Grojogan Niagara ya iku sawijining grojogan gedhé kang dunungé ana ing Kali Niagara, ya iku ing tlatah tapel wates antara Kanada lan Amérika Sarékat, misahaké Provinsi Ontario Kanada lan Praja New York Amérika Sarékat. Grojogan iki dumunung kira-kira 17 mil (27 km) arah lor-lor-kulon saka Buffalo, New York, 75 mil (120 km) kidul-kidul-wétan saka Toronto, Ontario, antara kutha kembar Niagara Falls, Ontario, lan Niagara Falls, New York.

Grojogan Niagara wujud rong pérangan kang pinisah déning Goat Island: Grojogan Tapel Jaran, ing sisih Kanada lan Grojogan Amérika ing sisih nagara Amérika Sarékat. Grojogan kang luwih cilik ya iku Bridal Veil Falls uga dumunung ing sisih Amérika, dipisah saka grojogan mligi déning Pulo Luna. Grojogan Niagara dumadi nalika glaciers mandheg ing pungkasané Wisconsin glaciation (pungkasan abad ès), lan banyu saka telaga anyar Great Lake mili ngliwati Niagara Escarpment menyang Samodra Atlantik.Grojogan Niagara kawentar amarga kaéndahané lan minangka sumber ènergi listrik hidro. Nata kasaimbangan minangka panggonan rekreasi, komersial lan indhustri ngrupaaké tantangan kanggo kang kajibah ngreksa grojogan mau wiwit taun 1800an.

Karakteristik

Grojogan Niagara kapérang dadi loro ya iku Grojogan Tapel Jaran lan Grojogan Amérika. Grojogan Tapel Jaran dhuwuré watara 173 feet (53 m). Grojogan Amérika dhuwuré udakara 70 feet (21 m).

Sajarah

Upaya Palestarèn

Uga delengen

Sumber

Pranala njaba