Olga Syahputra

Yoga Syahputra utawa kang dikenal kanthi jeneng Olga Syahputra (lair ing Jakarta, 8 Fèbruari 1983 – pati ing Singapura, 27 Maret 2015 ing umur 32 taun) ya iku salah sijiné aktor, pelawak, lan presenter kang asalé saka Indonesia.[1] Olga Syahputra kerep main peran dadi waria. Nanging Olga Syahputra ora gelem yèn dhèwèké diarani nduwéni kelainan seks.[1]

Olga Syahputra
LairYoga Syahputra
(1983-02-08)8 Fèbruari 1983
Jakarta, Indonesia
PatiMaret 27, 2015(2015-03-27) (umur 32)
Singapura
BangsaIndonesia
Jeneng liyaOlga Syahputra
PakaryanArtis
Presenter
Pelawak
Taun aktif1998 - 2015
Dhuwur168 cm (5 ft 6 in)
PasanganBilly Syahputra (adik)
Wong tuwaNur Rahman (ayah)
Nurshida (ibu)

Karir

Olga Syahputra iku anak pambarep saka pitu sadulur.[2] Dhèwèké keturunan Padang-Jawa. Olga Syahputra anak saka pasangan Nur Rachman lan Nurhida.[2] Olga Syahputra nduwéni kasenengan njaluk tandhatangan lan foto bareng karo idholané. Saya suwé Olga Syahputra ditawani main ing filem Lenong Bocah.[2] Sadurungé main ing Lenong Bocah, Olga Syahputra kudu gladhen dhisik ingSanggar Ananda.[2] Amarga ora nduwé dhuwit, Olga banjur adol kulkas supaya bisa mbayar kursus ing Sanggar Ananda.[2] Kanca raketé Olga Syahputra kang jenengé Bertrand Antolin banjur rumangsa mesaké lan nukokaké kulkas anyar kanggo Olga Syahputra.[2]

Nalika isih aktif gladhen ing Sanggar Ananda, Olga Syahputra uga kerep mèlu syuting sanajan mung dadi peran pembantu. Olga Syahputra uga tau dadi asisten penyanyi kang jenengé Rita Sugiarto.[3] Sawisé Olga Syahputra main ing sinétron Kawin Gantung lan Si Yoyo, Olga Syahputra dadi presenter Ngidam ing SCTV. Olga Syahputra dadi presenter karo Jeremy Thomas.[3] Olga uga bisa nglawak ing acara komedi Jangan Cium Gue lan Extravanganza ABG.[3] Nalika nggabung karo Extravanganza ABG ing taun 2005, jeneng Olga Syahputra wiwit dikenal.[3] Jenéng Olga Syahputra banjur misuwur nalika lumebu taun 2007.[3] Nalika iku Olga Syahputra nggabung karo Indra Bekti lan Indy Barends ing acara Ceriwis kang disiyaraké ing Trans TV.[3]

Bebungah

TahunPenghargaanKategoriHasil
2009Panasonic Awards 2009Presenter Musik Variety Show TerfavoritMenang
Pelawak TerfavoritMenang
Indonésia Kids Choice Awards 2009Pembawa Acara FavoritMenang
2010Panasonic Gobel Awards 2010Presenter Musik Variety Show TerfavoritMenang
Pelawak TerfavoritMenang
Presenter Talk Show TerfavoritNominasi
Indonésia Kids Choice Awards 2010Pembawa Acara FavoritNominasi
2011Panasonic Gobel Awards 2011Presenter Musik Variety Show TerfavoritMenang
Indonésia Kids Choice Awards 2011Pembawa Acara FavoritMenang
Komedian FavoritNominasi
2012Panasonic Gobel Awards 2012Presenter Talent Show TerfavoritMenang
Indonésia Kids Choice Awards 2012Komedian FavoritNominasi
2013Panasonic Gobel Awards 2013Pelawak TerfavoritMenang
Indonésia Kids Choice Awards 2013Komedian FavoritNominasi
2014Panasonic Gobel Awards 2014Pelawak TerfavoritNominasi
Presenter Program Hiburan TerfavoritNominasi
YKS Romantic Award 2014Artis TergubrakMenang
Artis TerbuaiMenang
Global Seru Awards 2014Komedian Paling SeruNominasi
Indonésia Kids Choice Awards 2014Komedian FavoritNominasi

Cathetan suku