2015

Milénium:Milénium ping 3
Abad:
Dasawarsa:
Taun:

Prastawa

Januari

  • 1 Jan 2015 Litowen dados anggota kaping 19 Eurozone.
  • 4 Jan 2015 Para arkeolog ngumumaken pamangkepanggihipun makam ratu Mesir kuna ingkang sadèrèngipun èboten kinawruhan, Khentakawess III.

Fèbruari

Maret

April

Mèi

Juni

Juli

Agustus

  • 1 Agt 2015 Dinten Setu Cemeng ing Prancis, déning para wargi ingkang késah liburan dhateng ing pasisir kidul nagari.
  • 10 Agt 2015 Pamain badminton Israèl Misha Zilberman pungkasanipun dipunsukani visa déning Pamaréntah Indonésia supados saged tumut main ing BCA Indonésia Open badminton championship. (Times of Israèl)
  • 16 Agt 2015 Pesawatipun Trigana Air Service Pamiberan 267 dhawah saweg miber saking Jayapura dhateng Oksibil ing Papua. (Tempo)

    September

    Oktober

  • 2 Okt 2015 Montor miber Aviastar, Pamiberan 7503 saking Masamba dhumateng Makassar kaicalan kontak lan dipungagas dhawah. (Kompas)
  • 8 Okt 2015 Svetlana Alexievich, panulis lan jurnalis Bélarus, menangaken Bebingah Nobel ing Babagan Sastra. (BBC)
  • 10 Okt 2015 Serangan bom kembar ing Ankara, kitha krajan Turki. Wonten bom kalih ingkang dipunjeblugaken ing ngajenging Stasiun Sepur Punjer Ankara samadyanipun para démonstran haluan kiwa saha pro Kurdi. Kurban téwas wonten sakirangipun 95 jiwa sarta wonten 246 ingkang tatu-tatu. (Kompas)
  • 11 Okt 2015 Aleksandr Lukashenko mimpangaken Pamilihan Présidèn Bélarus kanggé kaping gangsal. Piyambakipun angsal 84% saking sadaya swantun. (Liputan 6)
  • 13 Okt 2015 Nèderlan kalah 2-3 nalika main kandhang nglawan Céko. Nèderlan dados gagal tumut Kajuwaran Bal-Balan Ëropah taun 2016 (Euro 2016) ing Prancis. (Juara.net)
  • 13 Okt "Malaysia Airlines Pamaburan MH 17 dhawah, amergi dipuntémbak rudal utawi rokèt BUK", miturut lapuran ingkang dipunrilis pamaréntah Nèderlan. (Volkskrant.nl)
  • 14 Okt Satunggaling pulisi wanita saking Semarang, Jawi Tengah, anami Iptu Dhayita Daneswari dados kepala pulisi sèktor ingkang enèm piyambak ing Tanah Jawi (Detik.com)
  • 15 Okt Gègèran wonten Singkil, Acèh sasampunipun warga mbesmi satunggaling gréja. Pulisi Indonésia nggagas manawi wonten provokatoripun. Présidèn Jokowi ngintun TNI kanggé ngleremaken situasi. (Kompas)
  • 16 Okt Manten Mantri Agami Indonésia, Suryadharma Ali, dipuncepeng KPK, gumandhèng pandamelanipun ing Kementerian Agami 2012-13. Piyambakipun ugi dipunlèhaken nganggé arta jemaat kaji kanggé ngintun sémahipun minggah kaji. (Kompas)
  • 16 Okt Boten naming Ruslan kaliyan Qatar ingkang dipuntarka nyogok FIFA kanggé ngwontenaken tetandhingan ing negarinipun. Nanging Jerman ugi dipuntarka nyogok kanggé ngwontenaken Bèker Donya FIFA 2006. (Der Spiegel)
  • 16 Okt KLM, maskapé pamiberan Walandi, nyadé pitung montor miber damelan Walandi Fokker 70 darbènipun dhumateng maskapé Papua Nugini, Air Niugini. Wiwit taun 2018 KLM Cityhopper jarak celak namung nganggé Embraer saking Brazilia kémawon. (nu.nl)
  • 20 Okt Kurban prastawa surung-surungan ing Mina, Arab Saudi (24 September 2015), miturut Associated Press, sakirangipun wonten 2.177 jiwa. (ca.news.yahoo.com)
  • 25 Okt WNI kurban dagang manungsa ing Arab Saudi saged dipunslametaken lan wangsul dipunkintun dhateng Indonésia. (Kompas)
  • 25 Okt Bar Karaoké Inul Vizta ing Menado, Sulawesi Lor kabesmi lan niwasaken minimal 12 tiyang. Puluhan tiyang sanèsipun kedah dipunopname ing griya sakit amergi tatu utawi ambegan asep. (Kompas)
  • 31 Okt Maskapé Ruslan Metrojet Pamiberan KGL 9268, sawijining A 321, dhawah ing Semenangjung Sinai nalika miber saking Sharm el Sheik dhumateng St. Petersburg. Pesawat punika mbekta 214 panumpang saha 7 awak kapal, kalebu 17 laré alit. (Reuters)

    November

    Dhésèmber

    Tanpa tanggal

    Yèn olèh dadi diluncuraké miturut jadwal, wahana antariksa NASA, New Horizons, bakal nglintasi Pluto lan ngirim foto-foto menyang Bumi. Sawisé iku, wahana iki bakal nerusaké lelaku menyang Sabuk Kuiper.

    Lair

    Pati

    Januari

    Artikel utama: Lelayu ing Januari 2015

    Fèbruari

    • 27 Fèbruari-Leonard Nimoy, 83 taun, aktor Amérika Sarékat

    Maret

    April

    Artikel utama: Pati ing April 2015

    Mèi

    Juni

    Juli

    • 28 Juli-Meinar Louis, 85, panulis lagu Bintang Kecil[3]

    Agustus

    September

    Oktober

    November

    Dina prèi nasional ing Indonésia

    Adhedhasar Surat Dudutan Bersama 3 Mantri tentang Hari-Hari Libur Nasional dan Cuti Bersama Tahun 2015, ana 16 dina prèi nasional lan 3 dina cuti bebarengan kanggo taun 2015, kaya kang kapacak ing ngisor iki:[6]
    NoTanggalDinaKatrangan
    Dina Prèi Nasional
    11 JanuariKemisTaun Anyar Masèhi
    23 JanuariSetuMaulid Muhammad (12 Rabiul Awal 1436H)
    319 FèbruariKemisTaun Anyar Imlèk 2566
    421 MaretSetuDina Riyadi Nyepi (Taun Anyar Saka 1937)
    53 AprilJemuwahWafat Isa Almasih
    61 MèiJemuwahDina Buruh
    714 MèiKemisMékrad Isa Almasih
    816 MèiSetuIsra' Mi'raj Muhammad (27 Rajab 1436H)
    92 JuniSlasaDina Riyadi Waisak 2559
    1017-18 JuliJemuwah-SetuIdul Fitri (1-2 Sawal 1436H)
    1117 AgustusSeninProklamasi Dina Kamardikan Républik Indonésia kaping 70
    1224 SeptemberKemisIdul Adha (10 Dzulhijjah 1436H)
    1314 OktoberReboTaun Anyar Islam (1 Muharram 1437H)
    1424 DhésèmberKemisMaulid Muhammad (12 Rabiul Awal 1437H)
    1525 DhésèmberJemuwahDina Natal
    Cuti Bebarengan PNS
    116-20-21 JuliKemis-Senèn-SlasaCuti bebarengan Idul Fitri

    Réferènsi