Pad thai

Pad thai,[1][2] utawa phad thai (// utawa//; Thai: ผัดไทย, RTGSphat thaiyam thai, ISO: phạdịthy, kocapan [pʰàt tʰāj]  ( listen), tumisan saka Thailand"), ya iku olah-olahan mi beras kang umumé dicawisaké minangka jajanan pinggir dalan lan ing restoran lokal ing Thailand. Olah-olahan iki digawé saka mi beras garing kang dikum, banjur ditumis nganggo endhog lan kethokan tahu atos, dibumbui nganggo daging lan woh asem jawa, kecap iwak (nampla, น้ำปลาnampla, น้ำปลา), urang pépé, bawang utawa brambang, lombok abang, lan gula abang banjur dicawisaké dadi siji karo irisan-irisan  jeruk nipis lan cacahan kacang panggang.[3] Olah-olahan iki uga bisa nggunakaké sayuran liyané kaya ta thokolan, godhong kucai, lobak cina (hua chaipo, หัวไชโป๊hua chaipo, หัวไชโป๊) lan lalap kembang gedhang. Olah-olahan iki uga bisa nggunakaké urang seger, kepiting, cumi, pitik utawa proten liyané. Bahan-bahan kuwi mau dicawisaké dhéwé-dhéwé kanggo cocolan kaya ta lombok abang, irisan jeruk nipis, kacang brol panggang, thokolan, lan sayur-sayuran seger liyané .[4] Versi végétarian liyané nggunakaké kecap asin dadi gantiné kecap iwak lan ora nggunakaké urang. 

Pad thai
Pad thai dari sebuah kios di Chiang Mai
Jeneng liyanéphad thai, phat thai (uga dieja nganggo kapital "t" kanggo "thai")
Panggonan asalThailand
Tlatah utawa prajaThai
Hawa ajanganPanas
Woworan pokokMi beras kering, telur, tahu, daging buah asam jawa, kecap ikan, udang segar atau kering, bawang putih atau bawang merah, cabai merah, gula merah, jeruk nipis, kacang tanah
Katerangan liyanéThai
Buku masakan: Pad thai  Médhia: Pad thai

Sajarah

Olah-olahan tumisan saka mi beras iki dikenalaké ing Ayutthaya sasuwéné jaman Kerajaan Ayutthaya dening pedagang Tionghoa [5] kang banjur diatur karo profil rasa saka Thailand.[6] Nalika ana uga panyokro yèn olah-olahan iki asalé saka Vietnam,[7] minangka katon ing étimologi jeneng olahan-olahan iki.[8][9][10]

Sasuwéné Perang Donya II, Thailand ngalami krisis beras amarga perang lan banjir. Kanggo ngurangi konsumsi saka beras lokal, pamaréntah Thailand ing pamaréntahan Perdhana Mentri Plaek Phibunsongkhram ngagengaken para wargané kanggo ganti ngonsumsi mi. Sauntara kuwi, mi kang digawé saka gandum kang kondhang ana ing Thailand, Phibunsongkhram ndhukung owah-owahan jeneng negarané saka Siam dadi Thailand. Dhèwèké uga golèk cara kanggo ningkataké nasionalisme Thailand lan mbusak pengaruh saka China. Pamarentahané promosi  mi beras lan ngagengaken kabentuké identitas Thailand. Asilé, tipe mi anyar kang dijenengi sen chan (dijupuk saka jeneng Provinsi Chantaburi). Wiwit wektu iku, pad thai dadi salah sijning olah-olahan nasional Thailand.[11]Saiki, ana sawatara vendor pangan nambahaké daging babi kanggo nambah roso (sanadyan resèp asliiné ora nggunakaké daging babi amarga pemahaman saka pamerèntah kang nimbang iku ora nasionalis). Sawetara vendor pangan isih nggunakaké resèp asli.

Budaya kondhang

  • Pad thai dumunung ana ing nomer 5 ing dhaftar jajak pendapat saka World's 50 most delicious foods readers'  kang dkumpulaké karo CNN Go ing taun 2011.[12]
  • Ing pilem Tahiland, Jao saao Pad Thai, pad thai digunakaké minangka piranti saka plot karakter utama kang ngeklaim dhèwèké bakal mantèn karo sapa waé kang bisa mangan pad thai gaweané dhéwé sasuwéné 100 dina ing saurutan.[13]
  • Ing 2008, ing salah siji episode saka Throwdown! with Bobby Flay, Chef Selebriti Bobby Flay iki ngalahaké déning Chef Nongkran Daks ing restorané dhéwé, Thai Basil, ing Chantilly, Virginia.[14]

Referensi