Perang Salib Katelu
Seri Perang Salib |
Perang Salib Kapisan |
Perang Salib Rakyat |
Perang Salib Jerman, 1096 |
Perang Salib 1101 |
Perang Salib Kaloro |
Perang Salib Katelu |
Perang Salib Kapapat |
Perang Salib Albigensian |
Perang Salib Anak-anak |
Perang Salib Kalima |
Perang Salib Kaenam |
Perang Salib Kapitu |
Perang Salib Gembala |
Perang Salib Kawalu |
Perang Salib Kasanga |
Perang Salib Lor |
Perang Salib Katelu (1189–1192), uga dikenal minangka Perang Salib Para Raja, ya iku perang antarané para raja ing Éropah kanggo rerebutan Tanah Suci saka Shalahudin Al-Ayyubi ing Perang Salib.
Sawisé Perang Salib Kapindho, dinasti Zengid kang kasil nguwasani Suriyah katutan geger karo Mesir pimpinan dinasti Fatimiyah, kang dipungkasi kanthi dadi sijiné Mesir lan Suriyah ing pimpinan Shalahudin Al-Ayyubi. Shalahudin Al-Ayyubi banjur nggunakaké kuwasane kanggo ngrebut Yérusalem nalika taun 1187. Perang Salib katelu iki ing sangisore para raja Éropah, kaya ta: Friedrich I Barbarosa saka Jerman, Richard I Lionheart saka Inggris lan Phillip II saka Prancis. Nanging ing jerone para raja mau ana prakara, banjur Friedrich seda kelep, Richard kecekel (diculake sawisé dibayar kanthi larang), nanging Phillip rikat-rikat mbalik ing Prancis kanggo ngrebut Inggris sasuwéné Richard disandra.