Kakalifahan Fatimiyah

Kakalifahan Fatimiyah (Arab: الفاطميون‎‎, al-Fāṭimīyūn) iku kakalifahan Singah Ismailiyah sing jembar wewengkoné ngambah Afrika Lor, saka Sagara Abang ing iring wétan nganti Samodra Atlantika ing iring kulon. Wangsa Fatimiyah nguwasani saambané pasisir Sagara Tengah ing Afrika lan ndadèkaké Mesir minangka punjeré kakalifahané. Nalika kuncarané, kakalifahan iki kasil nguwasani manéka wewengkon saliyané Mesir, kaya ta Magribi, Sudhan, Sisili, Levan, lan Hijaz.