Piramida Agung Giza

Piramid Giza utawa Piramida Agung Giza iku piramida tuwa dhéwé lan gedhé dhéwé saka telu piramida sing ana ing Nekropolis Giza lan minangka siji-sijiné yasan sing isih dadi péranganing Pitu Kaajaiban Donya. Dipercaya yèn piramida iki dibangun minangka pesaréyan utawa makam kanggo firaun dinasti kapapt Mesir, Khufu (Χεωψ, Cheops) lan dibangun sajeroning punjul 20 taun lan dikira-kira watara taun 2560 SM.[1]. Piramida iki kadhangkala sinebut Piramida Khufu.[2]

Piramida Agung Giza
LokasiGiza, Egypt
StatusSelesai dibangun
Dibangunsakiwa-tengené 2560 SM
Dhuwur
Payon138.8 m, 455.2 ft
(Tinggi sebenarnya: 146.6 m, 480.9 ft)
Pitu Kaajaiban Donya Kuna
Piramida Agung Giza
Taman Gantung Babilonia
Patung Zeus ing Olympia
Kuil Artemis
Mausoleum Mausolus
Colossus Rodos
Mercusuar Iskandariyah

Sajarah

Piramida Agung Giza iku pérangan utama saka komplèks yasan makam sing dumadi saka loro kuil kanggo ngurmati Khufu (siji cedhak karo piramida lan sijiné manèh ing cedhak Kal Nil), telu piramida sing luwih cilik kanggo garwané Khufu, lan siji piramida "satelit" sing luwih cilik manèh, wujud lintasan sing didhuwuraké, lan makam-makam mastaba ukuran cilik ing saubengé piramida para bangsawan. Salah siji saka piramida-piramida cilik iku nyimpen makan ratu Hetepheres (tinemu taun 1925), adik, lan garwa Sneferu sarta ibu saka Khufu. Iga tinemu sawijining kutha, kalebu siji pemakaman, toko-toko roti, pabrik bir, lan siji komplèks paleburan tembaga. Luwih akèh manèh yasan lan komplèks tinemu déning Proyèk Pamétaan Giza.

Sawetara atus mèter ing kidul-kulon Piramida Agung ana sawijining piramida sing luwih cilik, Piramida Khafre, salah siji panerus Khufu sing uga dianggep pembangun Sphinx Agung, lan sawatara mèter luwih adoh mangidul-kulon ana Piramida Menkaure, panerus Khafre, sing dhuwuré watara separoné.

Weaktu ngrampungaké piramida iki disepakati watara taun 2560 BC.[3]

Wazir Khufu, Hemon, utawa Hemiunu, dipercaya minangka arsitèk saka Piramida Agung.[4]

Réferènsi

Pranala njaba

31°08′02.58″E / 29.9790778°N 31.1340500°E / 29.9790778; 31.1340500


🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra