Préfèktur Fukushima
Préfèktur Fukushima (島根県 Fukushima-ken?) inggih punika salah satunggaling prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing wewengkon Tohoku, Pulo Honshu, Jepang [1]. Kutha krajanipun punika kutha Fukushima.
Fukushima Prefecture 福島県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 福島県 | ||
• Rōmaji | Fukushima-ken | ||
| |||
Country | Japan | ||
Region | Tōhoku | ||
Island | Honshu | ||
Capital | Fukushima (city) | ||
Subdivisions | Districts: 13, Municipalities: 59 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Masao Uchibori | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 13,783,90 km2 (5,32.199 sq mi) | ||
• Urut laladan | 3rd | ||
Cacah warga (June 1, 2019) | |||
• Gunggung | 1,848,257 | ||
• Urut pepadhet | 20th | ||
• Pepadhet | 0,13/km2 (0,35/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-07 | ||
Situs wèb | www |
Sajarah
Prefektur Fukushima rumiyinipun punika péranganing Provinsi Mutsu. Wewengkon Jepang ing kiwa-tengené Fukushima kawéntar kanthi sebatan Michinoku utawi Ōshū.
Géografi
Fukushima kalebet prefektur paling kidul wewengkon Tohoku, ugi kalebet wewengkon Tohoku ingkang paling caket kaliyan Tokyo. Prefektur punika kapérang larikan paredèn dados tigang wewengkon, inggih punika(saking kilèn mangétan) Aizu, Nakadori, lan Hamadori. Wewengkon pasisir wewengkon Hamadori madep marang Samodra Pasifik ugi kalebet laladan ingkang paling rata mawi iklim sedhengan. Kutha Fukushima ingkang dados kutha krajan prefektur mapan wonten ing wewengkon Nakadori ingkang dados pusat produksi tetanen. Wewengkon Aizu ingkang mawi paredèn gadhah tlaga, wana, lan mangsa adhem mawi salju [2].
Kutha-kutha
- Aizuwakamatsu
- Fukushima (kutha krajan)
- Haramachi
- Iwaki
- Kitakata
- Koriyama
- Nihonmatsu
- Shirakawa
- Soma
- Sukagawa
- Tamura
Kutha alit lan désa
Wonten sapérangan kutha alit lan désa ing saben distrik.
|
|
|
Panggabungan
Panggabungan Tamura
Tanggal 1 Maret 2005 kutha-kutha Funehiki, Ogoe, Takine, lan Tokiwa sarta Désa Miyakoji—sadaya mapan wonten ing Distrik Tamura, kagabung lan damel kutha Tamura.
Pawiyaran Aizuwakamatsu
Ing 1 November 2004 désa ingkang kala rumiyin punika anama Kitaaizu aking Distrik Kitaaizu (distrik dipunbusak bibar panggabungan punika) kagabung kaliyan kutha Aizuwakamatsu.
Ékanami
Laladan pasisir wiwit rumiyin kalebet pusat ulam lan indhustri pangolahan dhaharan sagara. Sapunika kawéntar minangka indhustri listrik lan pembangkit listrik mawi tenaga nuklir. Ékonomi ing wewengkon dharatan gumantung marang produk tetanèn. Kutha Fukushima kawentar ugi minangka indhustri piranti alus lan piranti èlèktronik.
Dhémografi
Kabudayaan
Legenda nyariosaken babagan jin ingkang mangan manungsa kanthi nama Adachigahara ingkang wonten ing dharatan Adachigahara. Dharatan papan jin Adachigahara punika mapan wonten ing celakipun kutha Fukushima.
Simbol Prefektur
Cathetan suku
Pranala njawi
- Situs resmi Prefektur Fukushima Archived 2011-03-22 at the Wayback Machine.
Cithakan:Fukushima