Sriwijaya Air Pamaburan 182

pamaburan domèstik Indonésia kang ilang ing tanggal 9 Januari 2021

 

Sriwijaya Air Pamaburan 182
PK-CLC, montor mabur sing kacilakan. Dipoto wanci wulan Désémber 2017 ing Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta.
Ringkesan kacilakan
Tanggal9 Januari 2021 (2021-01-09)
RingkesanTiba; isih diselidiki
SanaIng kawasan Kepulauan Seribu, antarané Pulo Laki lan Pulo Lancang[1]
Panumpak50
Kru12
Ilang62
JinisBoeing 737-500
JenengCitra
OperatorSriwijaya Air
RégistrasiPK-CLC
Flight originPapan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta, Jakarta, Indonesia
DestinationPapan Anggegana Supadio, Pontianak, Kalimantan Barat, Indonesia

Sriwijaya Air Pamaburan 182 (SJ182/SJY182) minangka pamaburan panumpak domèstik Indonésia sing jadwalé saka Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta, Jakarta menyang Papan Anggegana Internasional Supadio, Pontianak, Kalimantan Barat kang dioperasikaké dèning Sriwijaya Air. Ing tanggal 9 Januari 2021, montor mabur kasebut ngilang patang menit sakwisé budhal banjur dilaporaké ilang kontak lan tiba ing perairan Kapuloan Seribu.[2][3]

Montor mabur

Montor mabur sing digunakaké ing aburan iki yaiku Boeing 737-500, umuré 26 taun kanthi kode registrasi PK-CLC (MSN 27323).[4] Ing taun 1994, montor mabur iki digawé lan dinggo dèning Continental Airlines, banjur digunakaké dèning United Airlines wiwit tanggal 1 Oktober 2010 kanthi nomer registrasi N27610 sakdurungé gabung karo Sriwijaya Air ing taun 2012.[5][6] Montor mabur dijenengi "Citra" dèning Sriwijaya Air.[6]

Panumpak lan kru

Montor mabur kasebut dicathet nggawa cacahé 62 wong, yaiku 50 panumpak (kalebu 7 bocah lan 3 bayi), kru sing lagi tugas (kalebu pilot lan ko-pilot), lan 6 kru sing lagi ora tugas.[7][8][9] Pesawat kasebut dipiloti dèning Kapten Afwan, tilasé pilot ing Angkatan Udara Indonesia.[10][11] Bobot bagasi dilapuraké 500 kilogram.[5]

Pamaburan

Miturut AirNav Radarbox, dhuwuré montor mabur iki medhun cepet banget nalika fase munggah saka 10.900 kaki dadi 7.650 kaki ing 14:40 WIB (07.40 UTC).[5] Flightradar24 nglapuraké menawa patang menit sakwisé mangkat, montor mabur banjur mudhun 10.000 kaki kanthi wektu sak menit.[12]

Nggolèk lan nyelametaké

Rekaman dèning KOPASKA sing ngètokaké remukan montor mabur ing dhasar sagara.

Lapuran kapisanan bab kacilakan montor mabur ing Kapuloan Seribu dilapuraké jam 14.30 WIB, nalika salah sawijining warigaluh nglaporaké ana montor mabur tiba lan njeblug ing sagara.[13] Bupati Kepuloan Seribu, Junaedi, ujar yèn montor mabur kasebut tiba ing Pulo Laki.[14] Basarnas langsung nyebaraké para personil menyang lokasi kacilakan, dèné Polri nggawé posko pusat krisis ing Plabuhan Tanjung Priok, Jakarta.[15][16] Mentri Perhubungan mbukak posko pusat krisis ing Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta.[17]

9 Januari 2021

Kepala Badan Nasional Pencarian dan Pertolongan, Bagus Puruhito, nglapuraké temokan remukan 11 mil segaras (20 km) saka Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta.[18] Personil saka kapal Kamentrian Perhubungan nglapuraké temokan potongan perangané awak, potongan sandhangan, barang èlèktronik, lan remukan montor mabur ing perairan Kepuloan Sewu. Avtur montor mabur uga ditemokaké ing sakitaran lokasi.[19] Perairan cedhak lokasi kacilakan jeroné kira-kira 15 nganti 16 méter.[20] Komite Nasional Keselamatan Transportasi (KNKT) ngirim kapal MV Baruna Jaya kanggo mbantu operasi panggolèkan. Kapal kasebut sakdurungé wis tau digunakaké kanggo operasi kacilakan montor mabur ing Indonèsia, kalebu kacilakan Lion Air Pamaburan 610 lan Indonesia AirAsia Pamaburan 8501.[21] Sawetara iku, Angkatan Laut Indonesia nyedhiyakaké pitung kapal, 2 Sea Riders, 2 kapal tunda, lan panyilem saka Koarmada I lan Lantamal III ing lokasi kacilakan kanggo mbantu nggolèki remukan montor mabur.[22]

Palang Merah Indonesia nyediani 50 sukarelawan lan 100 kantong mayat kanggo korban kacilakan.[23] Sampel DNA lan informasi ante mortem uga dijupuk saka kulawarga korban kanggo analisis dèning tim Disaster Victims Identification (DVI) ing Rumah Sakit Kramat Jati.[24] Sriwijaya Air nanggung biaya akomodasi kanggo kulawarga korban.[25] Dina Setu wengi, tim nemokaké seluncur dharurat montor mabur ing cedhak Pulau Lancang, Kepuloan Seribu,[26] saha nemokaké remukan-remukan cilik ing cedhaké titik kacilakan montor mabur kasebut. BASARNAS njlèntrèhaké menawa alangan sing diadepi tim yaiku visibilitas sing kurang ing lokasi panggolèkan.[27]

10 Januari 2021

Ing dina iki, Menteri Perhubungan Budi Karya Sumadi lan Komandan TNI Hadi Tjahtanto ngawasi lumakune panggolekan saka ndhuwur KRI John Lie 358.[28] Hadi Tjahtanto ngumumaké yèn TNI wis nemu sinyal panggon tibané montor mabur.[29] Angkatan Laut Indonesia uga menehi koordinat titik kacilakan montor mabur kasebut.[30] Komandan Pasukan Katak (Kopaska) nrejunaké patang tim panyilem,[31] dèné Angkatan Laut Indonesia ngerahaké 150 personèl lan hèlikopter menyang titik panggolèkan.[32] Ing tanggal 10 Januari, luwih saka sepuluh kapal wis ditugasna nggoleki montor mabur sing tiba.[33]

Jam 03.00 WIB, tim panyilem saka Kopaska ngawiwiti panyileman ing sagara kanthi tujuwan golèk remukan montor mabur.[34] Jam 08:00 WIB, polisi nampa kanthong mayat sing isine perangané awak lan dikirim menyang Rumah Sakit Kramat Jati. Kajaba perangané awak, tim panggolékan uga nemokaké jakét pelampung saka montor mabur sing tiba mau.[34] Ing wayah awan, kanthong-kanthong mayat sing isiné perangan awak lan remukan kerep ditemokaké lan dijupuk saka lokasi panggolèkan.[35] Tim panggolèk uga bisa nemokaké remukan saka awaké montor mabur, pèlek rodha, sistem hidraulik, nomer kursi lan nomer règistrasi Boeing 737 sing tiba.[36] Akèh remukan montor mabur sing ditemokaké kanthi jeron 17-23 meter ing ngisor permukaan sagara.[37]

Ing dina Minggu sore, BASARNAS saguh ngumpulaké paling ora 16 remukan motor mabur sing gedhé, kalebu turbin mesin, saka lokasi panggolèkan. Paling ora 10 perangané awak uga ditemokaké. BASARNAS banjur nglaporaké yèn KRI Rigel ndeteksi sinyal sing kayané teka saka kothak ireng.[38] Sinyal "ping" sing cacahé ana 2 iki didetèksi adohé 200 mèter, antara siji karo sing liyané.[39] NTSC mènèhi konfirmasi yèn sebagèn remukan wis diidentifikasi, kalebu remukan saka lawang pesawat, GPWS, radio altimeter, lan bagèan buntut montor mabur.[40]

11 Januari 2021

Remukan montor mabur sing ditemokaké BASARNAS

Ing 11 Januari, BASARNAS nyatakaké yèn operasi panggolèkan lan panyelametan wis pindhah tujuwan kanggo njupuk parekam pamaburan montor mabur ing dhasar laut.[41] Parekam pamaburan sing cacahé 2 kasebut dikira-kira ana ing ngisor remukan-remukan montor mabur lan blethokan.[42] BMKG mènèhi prédhiksi yèn cuaca ing wayah esuk bakalé lumayan apik kanggo nggolèk lan nglanjutaké operasi, nanging uga diprédhiksi bakal udan wayah soré lan bengi, kanthi kacepatan angin kira-kira 8-15 knot menyang sisih kidul-kulon.[43][44]

2.600 personèl mèlu operasi panggolèkan, kanthi luwih saka 50 kapal lan 13 montor mabur sing golèki remukan montor mabur.[45][46] Prahara lan udan deres ngalangi operasi para panyilem.[47] Tim nggunakaké "Metode Segitelu" (area panggolèkan diciutaké dadi segitelu). Papat kapal kelas Garuda Jaya sing duwèni piranti khusus kanggo nggampangaké panggolèkan rencanané bakal digunakaké dina sèsuké yèn prelu.[48] Sawetara iku, BASARNAS nemokaké tambahan 27 mayat manungsa, sing wis dikonfirmasi saka korban pamaburan. Sak orané ana 40 sampel DNA sing wis dijupuk dening Unit Idéntifikasi Korban Bancana.[49]

Identifikasi kapisan perangané awak ditindakaké dèning polisi nganggo Sistem Idèntifikasi Sidik Jari Otomatis Indonesia (INAFIS).[50] Ing pungkasaning dina, total 74 perangané awak ditemokaké saka lokasi kacilakan.[51] BASARNAS ngumumaké menawa ROV bakal dikirimna menyang panggon kacilakan kanggo nggolèki parekam pamaburan 182.[52]

12 Januari 2021

Pamaréntah Indonesia njaluk pitulung saka Pamaréntah Koréa Kidul kanggo operasi panggolekan lan panyelamatan. Pamaréntah Koréa Kidul banjur nanggepi lan bakal nyebaraké kapal panalitèn lan detektor ing jero banyu saha bakal gabung ing operasi panggolèkan lan panyelametan.[53]

Jam 16.00 WIB, parekam data pamaburan dijupuk dening KOPASKA lan tim Armada 1 TNI AL. Parekam iku bakal dikirim menyang JICT 2 ing Tanjung Priok, sing dadi panggonane mriksa luwih lanjut.[54][54]

Nganti tanggal 12 Januari, sampel DNA cacahé 58 wis diklumpukake saka sedulur korban,[55] lan 26 remukan montor mabur wis ditemokaké; Paling sithik, ana papat wong sing wis diidèntifikasi.[56][57]

13 Januari 2021

BASARNAS nerusaké operasi panggolèkan lan panyelametan,[58] nanging mandheg amarga cuaca buruk sing bisa mbebayani para panyilem.[59][60] Para panyilem mung bisa nemokaké rong arma (puing-puing).[61] BASARNAS ngujar menawa wilayah panggolèkan bakal ditambahi manèh.[62] Sawetara kuwi, Badan Pengkajian dan Penerapan Teknologi (BPPT) uga ngujar yèn panggolèkan CVR bakal ditindakaké nganti tanggal 18 Januari.[63]

Cathetan suku