Tèh mutiyara
Tèh mutiyara sing kawentar kanthi jeneng boba utawa bubble teaya iku salah sawijining ombèn-ombènan sing adhedhasar tèh lan ana mutiyara ing jeroné. Mutiyara iki kagawé saka glepung pathi saèngga kenyil-kenyil nalika dicokot. Sanajan mangkono, ana campuran susu lan gula arèn saèngga wernané semu buthek. Tèh iki rasané legi. Tèh iki kawentar amarga akèh warung-warung sing adol ombènan jinis iki.
Jeneng liyané | Teh boba, bubble tea |
---|---|
Ajangan | Omben-omben |
Hawa ajangan | Anyep |
Woworan pokok | Banyu, Gula, Tèh |
Variasi | Rasa lan werna |
Buku masakan: Tèh mutiyara Médhia: Tèh mutiyara |
Cara nggawé
Piranti sing dicepakaké
Mutiyara
- Glepung kanji 100 gram
- Banyu 75 ml
- Gula pasir 1 sendhok pangan
- Soklat bubuk 1 sendhok pangan
- Pawarna pangan
Tèh
- Teh ireng 1 cangkir
- Gula arèn cuwèr 2 sendhok pangan
- Susu putih 1/2 cangkir
Cara ngolah
- Campuraké adhonan mutiyara ing mangkok lan ulèni nganti kalis
- Bentuk dadi bunder-bunder lan digodhog 5 menit.
- Menawa wis mateng banjur dientas lan disaring.
- Campuraké tèh lan udhak nganti nyawiji.
- Deleh mutiyara ing gelas banjur suntak tèh.
- Tèh wis bisa diombè, luwih seger ditambahaké ès.
Pranala njaba
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra