Tradhisi lésan

Tradhisi lésan utawa kawruh lésan iku wujud sesambunganing manungsa kang minangka sarana nampa, ngurip-urip, lan nularaké kawruh, kagunan, lan gagasan saka siji génerasi marang génerasi liyané.[1][2][3] Anggoné nularaké kanthi sarana guneman utawa lelagon kang bisa wujud carita, parikan, tembang, utawa suluk. Kanthi cara iki, bebrayan agung bisa nularaké babad, sastra, pranata, lan kawruh liyané sarana lésan saka siji génerasi marang génerasi liyané sanajan tanpa sarana aksara, nanging isih saèmper aksara. Agama kaya ta Buda, Indhu, lan Jain nganggo tradhisi lésan, mbarengi panganggoning aksara, saperlu nularaké kitab-kitab agama, kawruh kabuwanan kaya ta Sushruta Samhita, tetembangan lan carita rakyat kanthi ngambahi sawatara génerasi.[4][5]

Juru waca Manas ing Kirgis mitontonaké anggoné maca gurit wiracarita Manas ing kémah yut ing Karakol.

Tradhisi lésan iku sesurupan, éling-élingan, lan kawruh kang diduwèni bebarengan wong sagolongan saka pirang-pirang génerasi, lan ora padha karo paseksèn (testimony) utawa babad lésan (oral history).[6][7] Tegesé kang lumrah, "tradhisi lésan" iku pangéling-éling lan caraning nularaké kawruh kabudayan kang kaéling-éling mau ing tembung baka tembung kanthi sarana lésan.[8] Minangka dhisiplin akadhemis, tradhisi lésan minangka saprangkat obyèk kang kasinau lan caraning nyinau obyèk-obyèk mau.[9]

Studhi ing tradhisi lésan iku ora padha karo dhisiplin akadhemis bab babad lésan,[10] ya iku cathetan éling-élingan lan babad sawongan kang ngalami mangsa lan lelakon sajarah.[11] Tradhisi lésan uga ora padha karo studhi kalésanan (orality) kang tegesé pikiran lan caraning medaraké pikiran mau ing bebrayan agung kang pérangan gedhéning wargané durung wanuh tèhnologi literasi (mligi tulisan lan cap-capan).[12] Carita rakyat (folklor) iku salah siji jinising tradhisi lésan, sanajan uga ana kawruh sajabaning carita rakyat kang tinularaké sarana lésan lan mula lestari.[13][14]

Rujukan