Unreal Engine

piranti alus pangrembaka gim

Unreal Engine (UE) ya iku mesin gim komputer grafis 3D kang dibabar déning Epic Games, dipitongtonaké kapisan arupa gim bedhil-bedhilan wong kapisan ing taun 1998, karan Unreal Wiwitané mesin iki dikembangaké kanggo gim bedhil-bedhilan panembak kapisan ing komputer, banjur saiki digunakaké ing werna-werna genre gim liya saha malah wis diguna déning industri filem lan tivi. Unreal Engine katulis kanthi basa pamrograman C++ lan nduwèni portabilitas sing dhuwur, ndhukung maneka piranti kaya ta komputer, tilpun sélulèr, konsol, lan kasunyatan virtual.

Unreal Engine
Unreal Engine Logo.svg
Unreal Engine 4 screenshot.png
Screenshot of Unreal Engine 4.20
PerancangTim Sweeney
PangembangEpic Games
Basa pamrogramanC++
Sistem operasiWindows, Linux, MacOS
LisènsiSource-available commercial software with royalty model for commercial use[1]
Situs webwww.unrealengine.com/en-US

Generasi anyar dhéwé, Unreal Engine 5, kawanuhan ing April 2022. Kode sumber mesin iki dicawisaké ing GitHub sawisé kita ndhaptar akun, uga piguna komersial diwènèhaké adhedhasar modhél royalti . Epic ngilangi wates royalti kanggo gim nganti pangembang entuk pangasilan US$1 yuta saha ngilangi ongkos yen ngawetoaké gim in Epic Games Store . Epic uga wis nglebokaké fitur saka parusahan akuisisian, Quixel, langsung ing jero UE, sing katoné dana asalé saka pangasilan gim Fortnite .

Rujukan