Yves Saint Laurent (dhisainer)

Yves Henri Donat Mathieu-Saint-Laurent (pocaping cara Prancis: [iv sɛ̃ lɔʁɑ̃]; 1 August 1936 – 1 June 2008),[1] kaloka minangka Yves Saint Laurent, ya iku sawiji fèsyen desainer saka Prancis, lan diajèni minangka salah sawijining panggedhé ing sujarah fèsyen.[2] Ing taun 1985, Caroline Rennolds Milbank nulis manawa, "Sawiji desainer sing paling kerep dipuja-puja lan paling mangaribawani ing punjul selawé taun kapungkur, ya iku Yves Saint Laurent, ngutang budi marang dhèwèké sing uwis njalari mundhaké utawa lairé manèh fèsyen couture saka matiné ing taun 60an lan akhiré nggawé fèsyne ready-to-wear dadi kajèn."[3] Dhèwèké iku uga dipuja amarga uwis ngenalaké setèlan tuksedo kanggo wanita lan kaloka amarga panggoné rujukan kabudayan saka njaba Éropah ing klambi-klambi gawéané, lan modèl-modèl sing dudu kulit putih.[4]

Yves Saint Laurent, 1976 (Reginald Gray)

Awal kauripané

Yves Henri Donat Mathieu-Saint-Laurent lair ing tanggal 1 Augustus taun 1936, ing kutha Oran, Algeria,[5][6] ing pangkuané Charles lan Lucienne Andrée Mathieu-Saint-Laurent.[7] Dhèwèké gedhé ing sawiji villa pinggiré Sagara tengah karo adhi-adhi wédoké, jenengé Michèle lan Brigitte.[7] Yves remen ngremit bonéka-bonéka kertas, lan nalika nom-nomané dhèwèké uwis ngedesain gaun-gaun kanggo ibu lan adhi-adhiné. Nalika umuré uwis 17 taun, Saint Laurent pindhah menyang kutha Paris lan nggolèk èlmu ing Chambre Syndicale de la Haute Couture. Ana kono, desain-desainé dhèwèké kanthi rikat digandrungi. Michel De Brunhoff, sawiji pambesut majalah French Vogue, ngenalaké Saint Laurent marang desainer Christian Dior, panggedhé ing donya fèsyèn. "Aku kepranan marang Dior," Saint Laurent banjur èling ing umur tuané ngomong mangkono. "Aku ora bisa ngomong ing ngarepé dhèwèké. Dhèwèké ngajari aku dhasar-dhasaré karya seniku saiki. Apa sing kedadéan sawisé iku, Aku ora bakal lali taun-taunku bareng dhèwèké." Amarga tuntunané Dior, gagragé Saint Laurent banjur lanjut mateng lan bisa nampa gumatiné kritik.[8]

Rujukan